Tembang macapat

Wali Sana, Tanaya, 1955, #124

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wali Sana, Tanaya, 1955, #124

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42 dari 58
136–137 dari 185
1.352–1.361 dari 1.845
42. Mijil
42.01 Sunan Kudus saksana anuding | bupati kang kinon | anggitika ing Têrung kuthane | Adipati Madura nindhihi | sampun budhal aglis | sapraptaning Têrung ||
42.02 wus pinêthukakên ing ajurit | rame aprang popog[1] | wadyèng Dêmak akasor yudane | samya ngungsi marang senapati | ya ta duk ningali | Jêng Suhunan Kudus [167] ||
42.03 wadyanira kasor ing jurit |[2] samya katêlangso | Sunan Kudus kalangkung dukane | gya tumêdhak tan amawi dasih | mung kapitu santri | sapraptaning pupuh ||
42.04 wong ing Têrung anèng jro kuthèki | ngungak pagêr banon | mungsuhira katon ewon kêthèn | dadya wadyèng Têrung wêdi giris | para mantri nangis | Sang Dipati Têrung ||
42.05 ingaturan nungkul anuruti | dyan nduta ponang wong | mêsat sarya ambêkta surate | katur marang Sunan Kudus nuli | atur pati urip | Sang Dipati Têrung ||
42.06 pangran ing Kudus suka ing galih | angandika alon | salamêta saniyate mangke | nora kongsi wong cilik kèh mati | marma tan sumiwi | sumêlang maring sun ||
42.07 dumèh kangjêng rama duk ing nguni | seda ing palugon | iya paman marwasèng yudane | yêkti apa wong urip puniki | nora wruh ing pasthi | karsane Hyang Luhur ||
42.08 mêdal saking sajabaning biting | asêlur ponang wong | sampun prapta cundhuk nèng ngarsane | Jêng Suhunan Kudus ngacarani | sapraptaning ngarsi | Sang Dipati Têrung ||
42.09 sêdyanira arsa awotsari | sinungan sabda lon | paman dawêg sêsalaman bae | sampun paman mawi awotsari | angarah punapi | paman lawan ingsun ||
42.10 kadi dene sami tunggil jinis | paman lawan ingong | sang dipati kalangkung dêkunge | sasampune sêsalaman sami | atur pati urip | lan rajabrana gung ||
136–137 dari 185

 


1 pupoh. (kembali)
2 Kurang satu suku kata: wadyanira kasor ing ajurit. (kembali)