Tembang macapat

Babad Dêmak, Dewabrata, 1914, #1295

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Dêmak, Dewabrata, 1914, #1295

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 13
12–13 dari 61
120–129 dari 607
03.30 rajaputra sêmana winarni | dina-dina anèng ing pagagan | anênandur pakaryane | akathah warninipun | ing pagagan dinulu [221] asri | kinirim lamun dhahar | yèn mulih wus surup | ri sêdhêng rêmên têtêgal | sapakone ing guru dipun lakoni | sabên ari mangkana ||
03.31 kawarnaa Ni Rêtna Nawangsih | wayahira wus nêdhêng diwasa | patut saparipolahe | sangsaya wimbuh ayu | lan kang ibu datan kêkalih | lir satu lan rimbagan | cahyane umancur | sawêg turun ping sapisan | Dyah Nawangsih ingkang ibu widadari | ingkang rama manungsa ||
03.32 Dyah Nawangsih tuhu ayu luwih | warnanira lir gambar wangunan | pilih tumandhing warnane | yèn cinăndra sang ayu | luwih warna kurang kêkawi | tan ana winaonan | ratuning wong ayu | mila radèn gung kasmaran | rina wêngi tan liya kaciptèng galih | mung ari sang lir rêtna ||
03.33 panuwunnya pinanggihna nuli | lawan rayi Dyah Rêtna Kasihan | tan kêlar nandhang brangtane | lamine tan winuwus | Lêmbu Pêtêng anahên brangti | manggung anèng pagagan | kang manah mangun kung | sontên mantuk enjing kesah | linalipur brangtane pinurih mari | malah saya kasmaran ||
4. Asmaradana
04.01 sangking sangêting gêng brangti | kalimput dhahar myang nendra | malah sipêng ing pagagèn | ing dalu praptèng raina | aminggu datan ngucap | kalangkung [222: kalang...kung] susahing kalbu | mung kang rayi katingalan ||
04.02 punakawane sawiji | busuk tan bêtah ngêlapa | nuli pamit mring gustine | arsa mulih marang wisma | panggih kusuma rara | gusti kula nyuwun sêkul | sêdalu tan sagêd nendra ||
04.03 myang gusti tan sagêd guling | sêdalu têngga pagagan | kang padharan sangêt luwe | ya ta ki agêng duk myarsa | ature kang parêpat | angandika marang sunu | nini sira angirima ||
04.04 kakangira ora mulih | sawêngi tunggu pêgagan | sayêkti pêrih atine | sira dhewe angirima | marang ing kakangira | kang wêruh mring kadang sêpuh | iku gêntining sudarma ||
04.05 sang rêtna gya gagorèngi | ginêlak gènira adang | wus sumêkta kesah age | arsa ngirim mring pêgagan | ingiring kang pawongan | sêkawan wau kang tumut | gawa sumbul lawan dhulang ||
04.06 kang sawiji gawa kêndhi | malih dhulang dhêdhaharan | datan winarna lampahe | sampun prapta ing pagagan | kêpanggih ingkang raka | pinanggihan anèng gubug | sang dyah aris aturira ||
12–13 dari 61