Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4–5 dari 25
13–14 dari 134
130–139 dari 1.340
04.033 ingsun gawe têtindhih bupati dhomas | Si Dêduga kang kering | Si Manawi kanan | Si Duga anamaa | Sêtyalêgawa Dipati | lan Si Manawa | iku ingsun paringi ||
04.034 anamaa Dipati Dutanagara | nanging karone maksih | anèng jro kadhatyan [43: kadha...tyan] | tan kêna pisah ingwang | samya nuhun saur-pêksi | hèh pirsakêna | sakèhe wadya mami ||
04.035 yèn ing mêngko Răndha Sêngkêran têtêpa | mardika amêngkoni | sagung wong Karandhan | sun wuwuhi ngêrèhna | wong sabiting kanan kering | kang padha pêrak | desa ing sakèh sami ||
04.036 wadya nuwun samya asaksi sadaya | lawan wêngkon apatih | wong ingsun ing Mêdhang | dèn padha enak tyasnya | kya patih matur ngabêkti | kalangkung eca | sumungkêm lair batin ||
04.037 sampun kondur Prabu Jaka Ajisaka | ngadhaton wus alami | nagri sangsaya arja |[1] murah sarwa tinumbas | tulus kang tinandur sami | wong cilik eca | mungsuh nora na wani ||
04.038 kang wadya lit tutug dènnya dagang layar | dharat miwah pasisir [44] | nora na culika | saparan-paran kêna | akèh bramana ngêjawi | nahan kocapa | kang kêna brăngta kingkin ||
5. Asmaradana
05.001 putranira Sri Bupati | Dewatacêngkar kang nama | Sang Arya Daniswarane | ginadhang gumantya nata | mangke kèngsêr sing praja | langkung dening kawlas-ayun | nusup-nusup wanapringga ||
05.002 manjing jurang minggah ardi | saengga kidang manjangan | binuru dening wong akèh | parentahira sang nata | wus karsaning Pangeran | radèn dadi tapanipun | benjang mêngku tanah Jawa ||
05.003 anurunkên para aji | ing tanah Jawa sadaya | wong desa ngundhangan kabèh | pasisir myang pagunungan | aja kandhêg kampiran | tinutkên sadosanipun | wong desa ajrih sadaya [45] ||
05.004 samya tinibanan tulis | samya kinèn anyêpênga | mring Radèn Daniswarane | sakèhing wong bumi Mêdhang | mila kalunta-lunta | sakalangkung kawlas-ayun | Radèn Arya Daniswara ||
13–14 dari 134

 


Lebih satu suku kata: nagri sangsayarja. (kembali)