Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
4 dari 25
11–12 dari 134
103–112 dari 1.340
| 04.006 | kaya ngapa patih yèn tan olih janma | kabutuh sira pasthi | patih ingsun măngsa | sun nora etung băngsa | bok nyambêlèh mantri siji | kang rada ala | agampang anyalini || |
| 04.007 | Ki Apatih Tênggêr umatur anêmbah | angsal sasat tan olih | mila sapunika | dede abdi ta Mêdhang | janma moyang nora panti | saking ing sabrang | kêdah katur sang aji || |
| 04.008 | suka lamun dadosa dhahar sang nata | nanging darbe prajangji | nuwun bumi Mêdhang | mung sawiyaring dhêsthar | bumi dèn suwun kariyin | yèn sampun tămpa | sumăngga ing karsa ji || |
| 04.009 | langkung trustha sri narendra angandika | apa tuwa kang janmi [37] | pan taksih taruna | wêtah lêmbut dagingnya | dawêg ecane binukti | awak kumidang | mangke wontên ing jawi || |
| 04.010 | suka-suka bok răndha apan ngandikan | Bok Sêngkêran wus prapti | saos sêmu waspa | agèr[1] sira ngandikan | Ki Ajisaka wus kerid | praptèng ngajêngan | jêngêr sri narapati || |
| 04.011 | langkung pêkik dene eman yèn matia | angandika sang aji | hèh apa ta sira | kang sanggup dadya dhahar | nanging jaluk bumi dhingin | sawiyaring kang | dhêstharira puniki || |
| 04.012 | alon matur inggih kawula kang sagah | ngandika sri bupati | luhung ngawulaa | ingsun gawe bupatya | eman warnamu apêkik | maksih taruna | bagusmu tanpa tandhing || |
| 04.013 | Ajisaka sumaur anuwun kula | pasihanira aji | kêdah paripêksa | anuwun bumi Mêdhang [38] | ngandika sri narapati | nyata tan kêna | ingsun eman sirèki || |
| 04.014 | nulya undhang sang nata marang apatya | punggawa miwah mantri | kinèn sanenggaa | sasikêping ayuda | baris ngalun-alun sami | ya ta sang nata | mijil mring păncaniti || |
| 04.015 | sampun pêpak ing alun-alun malatar | ngandika sri bupati | hèh sagung wadyèngwang | iki Si Ajisaka | sêdyane anjaluk bumi | saambanira | ya dhêsthare pribadi || |
11–12 dari 134
| 1 | anggèr. (kembali) |