Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 25
15–16 dari 134
145–154 dari 1.340
05.010 kang ngalèr têrusannèki | nênggih dhatêng ing sagara | kang ngidul sinungan manèh | ran manguntur pangrantunan | pan wêrit nora kêna | iku wiwara kadhatun | kang êlèr sanggar langgatan ||
05.011 pangiwane ana bèji | ing têngah pan gêdhong gêdhah | asri ana pêthetane | gêdhong nora kêna mênga | ing jro ana kanthil mas [47: ma...s] | langse tinundha kumêndhung | kang ngetan mring patamanan ||
05.012 jawi wiwara arêsik | kayoman cêngkèh satunggal | winastanan pasar Dièng | pasare dalu kewala | nora na wruh satunggal | guwa Têrusan puniku | kêdhatone Sri Sindhula ||
05.013 sasirnane Galuh nuli | ngalih ing guwa Têrusan | karantên langkung endahe | wau Radèn Daniswara | kapencut mangun tapa | tan winarna solahipun | lamine ana ing guwa ||
05.014 jinajah sakèh kang wêrid | wus linêbonan sadaya | arêmên pasang rakite | gêdhong gêgêdhah wus mênga | linêbonan sadaya | jinajah sawêngkonipun | sira Radèn Daniswara ||
05.015 wau ingkang dèn tapani | sajroning wiwara jaba | anèng guwa pakaryane | wau Radèn Daniswara | pan sampun [48: sa...mpun] tigang căndra | binantêr ing tapanipun | angêningakên ing tingal ||
05.016 mênêng ayoga sêmèdi | laminira amrayoga | sacăndra tan ngaksamane | tan panêngran jayanira | Rahadèn Daniswara | murub jroning guwa wau | jumênêng prabawanira ||
05.017 pratingkahing radyan mantri | pinarak ing sila tumpang | ngayunkên pamêlêngane | kang asta kalih tumumpang | pinangku anèng pangkyan | asta kiwa nurut pupu | kang asta têngên tumumpang ||
05.018 dhumatêng ing asta kering | anurut jarijinira | kang pinêlêng panuduhe | kewala Sang Daniswara | nyirnakkên păncadriya | wus sirna kawulanipun | dumadya prana pranawa ||
05.019 Dyan Daniswara wus êning | waspada ingkang sinêdya | sampun ilang manungsane | ngraga suksma Daniswara | dalu [49] coba kèh prapta | panakawan gila turu | dyan dhatêng wanita endah ||
15–16 dari 134