Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 25
14–15 dari 134
136–145 dari 1.340
5. Asmaradana
05.001 putranira Sri Bupati | Dewatacêngkar kang nama | Sang Arya Daniswarane | ginadhang gumantya nata | mangke kèngsêr sing praja | langkung dening kawlas-ayun | nusup-nusup wanapringga ||
05.002 manjing jurang minggah ardi | saengga kidang manjangan | binuru dening wong akèh | parentahira sang nata | wus karsaning Pangeran | radèn dadi tapanipun | benjang mêngku tanah Jawa ||
05.003 anurunkên para aji | ing tanah Jawa sadaya | wong desa ngundhangan kabèh | pasisir myang pagunungan | aja kandhêg kampiran | tinutkên sadosanipun | wong desa ajrih sadaya [45] ||
05.004 samya tinibanan tulis | samya kinèn anyêpênga | mring Radèn Daniswarane | sakèhing wong bumi Mêdhang | mila kalunta-lunta | sakalangkung kawlas-ayun | Radèn Arya Daniswara ||
05.005 kalunta sampun atêbih | saking nagari ing Mêdhang | nora dhahar nora sare | sinêdyakakên atapa | panakawan sakawan | yèku sutaning tumênggung | nama Bêgja lan Daulat ||
05.006 pun Manawa pun Manawi | punika paliyanira | Bêgja Daulat êmbane | ature lir calapita | dhuh gusti dawêg raryan | botên nadhah botên nginum | karipan kularsa nendra ||
05.007 angandika sang apêkik | yèn nora bêtah balia | ingsun lakonane dhewe | pirabara sinung gêsang | Bêgja Daulat mojar | bosên têmên sok [46: so...k] Amupus | jamak angangge têkiyar ||
05.008 lumampah raina wêngi | ngidul ngilèn manjing wana | gunung alit na guwane | guwa Têrusan ranira | puniku pangalapan | yèn dudu janma linuhung | yèn tan ilang mulih edan ||
05.009 ing jro ajêmbar arêsik | mangunturipun ing têngah | paju papat pamêrite | ingkang kidul ing kadhatyan | nêrus dhatêng sagara | ngilèn nêrus gunung Ulu | kang ngetan nrus gunung Dapa ||
05.010 kang ngalèr têrusannèki | nênggih dhatêng ing sagara | kang ngidul sinungan manèh | ran manguntur pangrantunan | pan wêrit nora kêna | iku wiwara kadhatun | kang êlèr sanggar langgatan ||
14–15 dari 134