Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 25
14–15 dari 134
137–146 dari 1.340
| 05.002 | manjing jurang minggah ardi | saengga kidang manjangan | binuru dening wong akèh | parentahira sang nata | wus karsaning Pangeran | radèn dadi tapanipun | benjang mêngku tanah Jawa || |
| 05.003 | anurunkên para aji | ing tanah Jawa sadaya | wong desa ngundhangan kabèh | pasisir myang pagunungan | aja kandhêg kampiran | tinutkên sadosanipun | wong desa ajrih sadaya [45] || |
| 05.004 | samya tinibanan tulis | samya kinèn anyêpênga | mring Radèn Daniswarane | sakèhing wong bumi Mêdhang | mila kalunta-lunta | sakalangkung kawlas-ayun | Radèn Arya Daniswara || |
| 05.005 | kalunta sampun atêbih | saking nagari ing Mêdhang | nora dhahar nora sare | sinêdyakakên atapa | panakawan sakawan | yèku sutaning tumênggung | nama Bêgja lan Daulat || |
| 05.006 | pun Manawa pun Manawi | punika paliyanira | Bêgja Daulat êmbane | ature lir calapita | dhuh gusti dawêg raryan | botên nadhah botên nginum | karipan kularsa nendra || |
| 05.007 | angandika sang apêkik | yèn nora bêtah balia | ingsun lakonane dhewe | pirabara sinung gêsang | Bêgja Daulat mojar | bosên têmên sok [46: so...k] Amupus | jamak angangge têkiyar || |
| 05.008 | lumampah raina wêngi | ngidul ngilèn manjing wana | gunung alit na guwane | guwa Têrusan ranira | puniku pangalapan | yèn dudu janma linuhung | yèn tan ilang mulih edan || |
| 05.009 | ing jro ajêmbar arêsik | mangunturipun ing têngah | paju papat pamêrite | ingkang kidul ing kadhatyan | nêrus dhatêng sagara | ngilèn nêrus gunung Ulu | kang ngetan nrus gunung Dapa || |
| 05.010 | kang ngalèr têrusannèki | nênggih dhatêng ing sagara | kang ngidul sinungan manèh | ran manguntur pangrantunan | pan wêrit nora kêna | iku wiwara kadhatun | kang êlèr sanggar langgatan || |
| 05.011 | pangiwane ana bèji | ing têngah pan gêdhong gêdhah | asri ana pêthetane | gêdhong nora kêna mênga | ing jro ana kanthil mas [47: ma...s] | langse tinundha kumêndhung | kang ngetan mring patamanan || |
14–15 dari 134