Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
5 dari 25
19–20 dari 134
185–194 dari 1.340
| 05.050 | kudu tuwajuh nèng ati | tan kêna basa trakadhang | tan kêna mangkono mangke | nuli emut nuli boya | iku kaki tan kêna | wruhanira putuningsun | rêncananing păncadriya || |
| 05.051 | dupi sampun ngrêdon kaki | iku [57: i...ku] ingkang păncadriya | angèl pambuwange anggèr | kaki tan kêna ngambilan | iku kang păncadriya | awèh wulanguning kalbu | ambêbingungi ing manah || |
| 05.052 | ngulapi paningal êning | kaki maring ngayunira | kang păncadriya bekane | tingal têrus ingulapan | klimput raga wisaya | radèn ngabêkti anuhun | pamulang wuruking eyang || |
| 05.053 | radèn matur saha bêkti | sintên ulun dening lintang | asih dhatêng kawulane | sang wiku gumuyu suka | patut sira tan wruha | iya eyangira ingsun | ing Galuh Raja Sindhula || |
| 05.054 | kang muksa lan nagri mami | kaki aja taha-taha | sira sun mong sêlawase | wulang ingsun marang sira | kaki ja salah karya | tapanira maksih durung | tega pati tan mangkana || |
| 05.055 | lah aja kapiran kaki | tutugêna tapanira [58: tapani...ra] | mentara mring guwa mangke | mangulona bênêr sira | wana ana wong dhêkah | ulatana dèn kapangguh | ing wismanira bok răndha || |
| 05.056 | Răndha Kasihan rannèki | dhukuhe ing Pathukulan | sawiji lanang anake | sira putu angèngèra | turutên sapakonnya | yya sumêlang tyasirèku | poma kaki lakonana || |
| 05.057 | tutugêna tapa kaki | besuk yèn wis tigang warsa | ngangkata jumênêng katong | rêbutên nagaranira | Prabu Anom Jisaka | ilang dhewe besuk putu | wus ta kaki akaria || |
| 05.058 | tulungên rabinirèki | yèn lipur sira tinggala | ingsun ingkang among radèn | wus musna sang wiku raja | Rahadèn Daniswara | arsa ngimur garwanipun | radèn panggih lan kang garwa || |
| 05.059 | garwa samya widadari | gangsal paringing [59: pa...ringing] jawata | sinarenan sadayane | tan antara samya nendra | kang garwa gangsal pisan | rahadèn aris tumurun | kapungkur wiwara guwa || |
19–20 dari 134