Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5–6 dari 25
19–20 dari 134
188–197 dari 1.340
05.053 radèn matur saha bêkti | sintên ulun dening lintang | asih dhatêng kawulane | sang wiku gumuyu suka | patut sira tan wruha | iya eyangira ingsun | ing Galuh Raja Sindhula ||
05.054 kang muksa lan nagri mami | kaki aja taha-taha | sira sun mong sêlawase | wulang ingsun marang sira | kaki ja salah karya | tapanira maksih durung | tega pati tan mangkana ||
05.055 lah aja kapiran kaki | tutugêna tapanira [58: tapani...ra] | mentara mring guwa mangke | mangulona bênêr sira | wana ana wong dhêkah | ulatana dèn kapangguh | ing wismanira bok răndha ||
05.056 Răndha Kasihan rannèki | dhukuhe ing Pathukulan | sawiji lanang anake | sira putu angèngèra | turutên sapakonnya | yya sumêlang tyasirèku | poma kaki lakonana ||
05.057 tutugêna tapa kaki | besuk yèn wis tigang warsa | ngangkata jumênêng katong | rêbutên nagaranira | Prabu Anom Jisaka | ilang dhewe besuk putu | wus ta kaki akaria ||
05.058 tulungên rabinirèki | yèn lipur sira tinggala | ingsun ingkang among radèn | wus musna sang wiku raja | Rahadèn Daniswara | arsa ngimur garwanipun | radèn panggih lan kang garwa ||
05.059 garwa samya widadari | gangsal paringing [59: pa...ringing] jawata | sinarenan sadayane | tan antara samya nendra | kang garwa gangsal pisan | rahadèn aris tumurun | kapungkur wiwara guwa ||
6. Pangkur
06.001 kapitolèhên rahadyan | dene garwa tinilar samya guling | pinêgêng ing trêsnanipun | kalangkung dening brăngta | panakawan sakawan tan kêna kantun | lampahe amurang marga | tan ana baya kaèksi ||
06.002 lampahe kalunta-lunta | manjing jurang munggah ardi kang sungil | kadya jungkung manggih timur | lir layangan apêgat | radyan putra nutugakên tapanipun | tanpa dhahar tanpa nendra | ingkang sinêdya ing galih ||
06.003 pituduhe ingkang eyang | desa Pathukulan tinêlêng galih | ngilèn bênêr lampahipun | anusup wanapringga [60] | tarataban myang iring-iringing gunung | kunêng warnanên bok răndha | wisma têngahing wanadri ||
19–20 dari 134