Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 25
21–22 dari 134
205–214 dari 1.340
06.011 barang kang tinandur mêdal | langkung pênêd rata sitinya wêdhi | ngayun kali wingking gunung | toyanipun tumumpang | anadene ni mbok răndha karyanipun | duk wirya rabining patya | Galuh duk rusaking nagri ||
06.012 ki apatih tumut musna | karsaning Hyang garwa taruna kari | nging tilar wêtêngan wau | mijil Ki Jugulmudha | nora gatra ni răndha pomahanipun | tan duwe latar tan marga | rungkud kiwa têngênnèki ||
06.013 ing ngarsa wuri pan wana | omah-omah pagêre godhong jati | payon karambatan bulu | pêtêng barang rumambat | kadya sudhung nora pakra lawangipun | amung sêdhêng wong bêrangkang | datan purun [63: pu...run] ambabadi ||
06.014 lamun udan Jugulmudha | katrocohan kang awak lir dèn dusi | sawêngi nora lèh turu | gêrêng-gêrêng kewala | yèn ngratêngi nora purun ngamèk kayu | yèn matêng nuli mêrgagah | biyange tan dèn umani ||
06.015 ki jaka lan ibunira | samya ngisis anèng ngisor kêsambi | ni răndha ris wuwusipun | lah kaki Jugulmudha | iki priye tanpa wêkas putraningsun | angur sira ngawulaa | mring Mêdhang gustimu lami ||
06.016 kaki nora abêbakal | ingsun pan kapengin sira ingoni | wiryaa kadi rumuhun | kaya swargi ramanta | bosên têmên kangelan ingsun anutug | sumaur Ki Jugulmudha | dhuh biyung sun nora apti ||
06.017 ngawula ratu birawa | mangan janma nora ajêg tan adil | wartane kaki sun ngrungu | kang jumênêng [64: ju...mênêng] ing Mêdhang | Prabu Ajisaka madêg adil kukuh | langkung asih mring kawula | iku ngèngèrana gusti ||
06.018 nadyan mêngkono tan arsa | iku satru nora kêna ngabêkti | yèn tan têdhak turunipun | Gusti Ratu Sindhula | nora arsa ngawula sun plaur lampus | ingsun arsa angawula | benjang yèn ana ratwadil ||
06.019 kapanane sêdhêng pêjah | ing saiki apa pinangan kaki | Ki Jugulmudha sumaur | lah biyung nora bisa | padha mupus ya biyung sapuluh-puluh | yèn durung têka jangjinya | binurua angoncati ||
06.020 lah kapriye wasananya | bosên têmên datan amangan mami | nora wande padha lampus | lah ta biyung mênênga | ngong tuturi impèn ingsun mau dalu | sadalu aku tan nendra | katon kawulangèn [65: kawula...ngèn] èsthi ||
21–22 dari 134