Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6 dari 25
22–23 dari 134
212–221 dari 1.340
| 06.018 | nadyan mêngkono tan arsa | iku satru nora kêna ngabêkti | yèn tan têdhak turunipun | Gusti Ratu Sindhula | nora arsa ngawula sun plaur lampus | ingsun arsa angawula | benjang yèn ana ratwadil || |
| 06.019 | kapanane sêdhêng pêjah | ing saiki apa pinangan kaki | Ki Jugulmudha sumaur | lah biyung nora bisa | padha mupus ya biyung sapuluh-puluh | yèn durung têka jangjinya | binurua angoncati || |
| 06.020 | lah kapriye wasananya | bosên têmên datan amangan mami | nora wande padha lampus | lah ta biyung mênênga | ngong tuturi impèn ingsun mau dalu | sadalu aku tan nendra | katon kawulangèn [65: kawula...ngèn] èsthi || |
| 06.021 | lan mong rare nyunggi wulan | sarêng tangi gêgêtun impèn mami | nulyanasmara karungu | besuk ing Pathukulan | ana ratu sumbaga sêkti pinunjul | pêpatihe besuk sira | kèdhêp sawarna kumêlip || |
| 06.022 | iku antinên bok biyang | kapanane kaki kasêlak mati | kunêng wau kang winuwus | Rahadèn Daniswara | nusup-nusup mêdal ing wananon dhukuh | kandhêg lampahnya duk miyat | inggih dhukuh langkung sêpi || |
| 06.023 | Bêgja Daulat tumingal | lamun ana janma pêpatèn nênggih | Bêgja Daulat umatur | gusti inggih punika | wontên tiyang kêkalih radèn amuwus | Bêgja Daulat dèn inggal | takona sun arsa kampir || |
| 06.024 | ing dhukuh ingkang kocapa | nyai răndha lan putra [66: pu...tra] lagya ninis | ni răndha alon amuwus | karia ingsun arsa | adol godhong mring pasar nulya na rawuh | janma nguwuh takèn marga | Jugulmudha amêdali || |
| 06.025 | ingirid wus padha lênggah | wong têtiga lan Ki Jugulmudhèki | Ki Jugulmudha amuwus | adhi tigas kawuryan | dika pundi Bêgja Daulat sumaur | manira wong tanpa wisma | moyang saênggène kampir || |
| 06.026 | sintên nama pakênira | anauri ingkang sudi mêstani | kawula pun Bêgja iku | ari ngong pun Daulat | balik kakang Ardalepa kakang ingsun | atanya puniki dhêkah | ki raka wêstane pundi || |
| 06.027 | ari satêngahing wana | yayi iki Pathukulan rannèki | iya iki wismaningsun | amung lawan pun biyang | tanpa rowang Bêgja Daulat gumuyu [67] | midêra salawe dina | sang bathara durung manggih || |
22–23 dari 134