Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 25
22–23 dari 134
219–228 dari 1.340
06.025 ingirid wus padha lênggah | wong têtiga lan Ki Jugulmudhèki | Ki Jugulmudha amuwus | adhi tigas kawuryan | dika pundi Bêgja Daulat sumaur | manira wong tanpa wisma | moyang saênggène kampir ||
06.026 sintên nama pakênira | anauri ingkang sudi mêstani | kawula pun Bêgja iku | ari ngong pun Daulat | balik kakang Ardalepa kakang ingsun | atanya puniki dhêkah | ki raka wêstane pundi ||
06.027 ari satêngahing wana | yayi iki Pathukulan rannèki | iya iki wismaningsun | amung lawan pun biyang | tanpa rowang Bêgja Daulat gumuyu [67] | midêra salawe dina | sang bathara durung manggih ||
06.028 wong awisma kadi dika | nora măntra dèn ambah dening janmi | tan karuan wuri ngayun | sumaur Jugulmudha | wus pinasthi karsaning Hyang Maha Luhur | hèh yayi măngsa bakala | Bêgja Daulat tanya ris ||
06.029 kakang sintên kang sinambat | anauri dêlape kang mêstani | Jugulmudha aran ingsun | pun biyung karan dhêkah | Răndha Pathukulan pun biyung ranipun | Ki Bêgja osikirèng tyas | iki kang sinêdya gusti ||
06.030 kakang karia sun arsa | angaturi gusti kantun nèng Jawi | Jugulmudha gupuh-gupuh | lah yayi dèn ainggal | gustinira ingaturan wus malêbu | wus panggih tata alênggah | rahadèn ngandika aris ||
06.031 bibi nilakrama ingwang | pasang tabe ni răndha anauri [68: ana...uri] | jêngêr sumêngêrên dulu | bagusira rahadyan | cahya mancur sakêdhap salin pandulu | katingal kang ngiring kathah | pratiwa swandana èsthi ||
06.032 angraos dhayohan raja | Jugulmudha iya mêngkono maning | angucap kadya ngrêmpêlu | kănca iku titihan | pan lêbokna dèn guyang panas wus dangu | ni răndha ngling lah manjinga | pura sakèh para gusti ||
06.033 sumambung Bêgja Daulat | hèh ya bocah sakèhe magêrsari | padha lêbokna gamanmu | Mênawi lan Mênawa | asru ngucap kănca mondhok ja narucuh | sakuwu-kuwu dèn tata | lan dèn padha ngati-ati ||
06.034 emut sarêng gumyak sumyak | ya gustiku dene amrabawani | kawistara kang sinuhun | ya pagene wak ingwang | angrampêlu katon [69: ka...ton] ingkang dhèrèk agung | kula gih kadya mangkana | katon kèh kănca bupati ||
22–23 dari 134