Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6 dari 25
23–24 dari 134
227–236 dari 1.340
06.033 sumambung Bêgja Daulat | hèh ya bocah sakèhe magêrsari | padha lêbokna gamanmu | Mênawi lan Mênawa | asru ngucap kănca mondhok ja narucuh | sakuwu-kuwu dèn tata | lan dèn padha ngati-ati ||
06.034 emut sarêng gumyak sumyak | ya gustiku dene amrabawani | kawistara kang sinuhun | ya pagene wak ingwang | angrampêlu katon [69: ka...ton] ingkang dhèrèk agung | kula gih kadya mangkana | katon kèh kănca bupati ||
06.035 Mênawa Mênawi ngucap | kakang kula katingal nata baris | nyai răndha aris muwus | sun tan katingal wana | katon praja sanalika tingal ingsun | yèki wangsiting bathara | wis mênênga ja ginupit ||
06.036 aris matur nyai răndha | anggèr Bêgja kula kampiran gusti | kêsasar gusti sang bagus | pun bibi anilakrama |[1] kang sinambat ing sih pundi kang kapungkur | ing ngajêng pundi sinêdya | tanpa wisma ingsun bibi ||
06.037 kang sun sêdya Pathukulan | arsa ngèngèr mring sira ingsun bibi | andhêku tan sagêd matur | kang abdi ngèstupada | anak kula pun Jugulmudha puniku | katur gusti ngabdèkêna | kunêng radèn wus alami ||
06.038 angèngèr [70] dhatêng bok răndha | sampun gêntur kasutapanirèki | ni răndha sugih kalangkung | sapraptanya rahadyan | prabawane Bêgja Daulat puniku | ingkang nêkakakên bêgja | sugihe kadya duk dhingin ||
06.039 mawane dening Ki Bêgja | lan Daulat satuhu gawa sugih | Radèn Daniswara iku | ngiring Bêgja Daulat | radèn dènnya namur tapa kasabipun | nênandur gaga sêsawah | ababad-babad wanadri ||
06.040 pala kapêndhêm kasimpar | wus ngêmohi barang tinandur dadi | wus karsaning Maha Luhur | Ki Jaka Jugulmudha | sarawuhe radèn sarêgêp kalangkung | pan nora nganggo ingatag | barang karya dèn tandangi ||
06.041 pintêr pikir kèh akalnya | anjalimêt lêmut dipun jaringi | salir barang-barangipun | radên lan Jugulmudha | nanêm wiji [71: wi...ji] lawan panakawanipun | wus lama kang têtanduran | sêdhênge lagya ngêmohi ||
06.042 têgal gaga lawan sawah | sampun wêrni ingkang kapirsa sami | tăngga desa prapta agung | Pathukulan wus gêmah | sami prapta anggawa brana dunya gung | anging Radyan Daniswara | ingurupan datan apti ||
23–24 dari 134

 


Lebih satu suku kata: pun bibi nilakrama. (kembali)