Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
6–7 dari 25
24–25 dari 134
233–242 dari 1.340
| 06.039 | mawane dening Ki Bêgja | lan Daulat satuhu gawa sugih | Radèn Daniswara iku | ngiring Bêgja Daulat | radèn dènnya namur tapa kasabipun | nênandur gaga sêsawah | ababad-babad wanadri || |
| 06.040 | pala kapêndhêm kasimpar | wus ngêmohi barang tinandur dadi | wus karsaning Maha Luhur | Ki Jaka Jugulmudha | sarawuhe radèn sarêgêp kalangkung | pan nora nganggo ingatag | barang karya dèn tandangi || |
| 06.041 | pintêr pikir kèh akalnya | anjalimêt lêmut dipun jaringi | salir barang-barangipun | radên lan Jugulmudha | nanêm wiji [71: wi...ji] lawan panakawanipun | wus lama kang têtanduran | sêdhênge lagya ngêmohi || |
| 06.042 | têgal gaga lawan sawah | sampun wêrni ingkang kapirsa sami | tăngga desa prapta agung | Pathukulan wus gêmah | sami prapta anggawa brana dunya gung | anging Radyan Daniswara | ingurupan datan apti || |
| 06.043 | kinèn ambêkta kewala | sakêlare anggendhong amikuli | wus lama doh wartanipun | lakon satêngah wulan | samya ngalih wong milu omah wana gung | bêkta sandhang lawan arta | tigang èwu kèhing janmi || |
| 06.044 | sêmana wong Pathukulan | samya ulah kasudiran kasêktin | karosan aulah bagus | myang ulah katêguhan | pangawasan dene gustine wus punjul | sumbaga prawirèng yuda | karsaning Hyang gula milir [72] || |
| 7. Dhandhanggula | |
| 07.001 | radèn putra angantosi jangji | dèrèng dhatêng wêlinge kang eyang | mila dandan-dandan bae | kunêng ingkang winuwus | nagri Mêdhangkamulan nênggih | jênênge Ajisaka | Prabu Jaka iku | kêlangkung gêmah raharja | sruwa murah eca manahe wong cilik | gawe bupati dhomas || |
| 07.002 | Ajisaka dinulur Hyang Widi | wus katrima pan istijratira | dadi sakarsa-karsane | sabên dina sang prabu | karya janma siti kinardi | ing balêdhug gènira | ana bèjinipun | ajro lir sagaranakan | têngah bèji sinung wot pirantinèki | gènira gawe janma || |
| 07.003 | ing Mêdhangparamêsan gènnèki | bèji ngaran têlaga Madirda | bèji puniku arane | pêrnah sakilènipun | saking kitha Mêdhang nagari | têlaga Mahadirda | ngèrèng-èrèng gunung [73] | ya ing Mêdhangparamêsan | pirantine gènira agawe janmi | Sang Prabu Ajisaka || |
| 07.004 | Randhujajar pamemehannèki | yèn aking gya bêkti amêmuja | linulur ing sakarsane | tăndha Gusti Hyang Agung | krana murah marang kang abdi | kang têmên-tinêmênan | sipat baka kayun | nora kapir nora Sêlam | lamun eklas anênuhun dèn paringi | tan sêpi ing ihtiyar || |
24–25 dari 134