Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
6–7 dari 25
24–25 dari 134
238–247 dari 1.340
06.044 sêmana wong Pathukulan | samya ulah kasudiran kasêktin | karosan aulah bagus | myang ulah katêguhan | pangawasan dene gustine wus punjul | sumbaga prawirèng yuda | karsaning Hyang gula milir [72] ||
7. Dhandhanggula
07.001 radèn putra angantosi jangji | dèrèng dhatêng wêlinge kang eyang | mila dandan-dandan bae | kunêng ingkang winuwus | nagri Mêdhangkamulan nênggih | jênênge Ajisaka | Prabu Jaka iku | kêlangkung gêmah raharja | sruwa murah eca manahe wong cilik | gawe bupati dhomas ||
07.002 Ajisaka dinulur Hyang Widi | wus katrima pan istijratira | dadi sakarsa-karsane | sabên dina sang prabu | karya janma siti kinardi | ing balêdhug gènira | ana bèjinipun | ajro lir sagaranakan | têngah bèji sinung wot pirantinèki | gènira gawe janma ||
07.003 ing Mêdhangparamêsan gènnèki | bèji ngaran têlaga Madirda | bèji puniku arane | pêrnah sakilènipun | saking kitha Mêdhang nagari | têlaga Mahadirda | ngèrèng-èrèng gunung [73] | ya ing Mêdhangparamêsan | pirantine gènira agawe janmi | Sang Prabu Ajisaka ||
07.004 Randhujajar pamemehannèki | yèn aking gya bêkti amêmuja | linulur ing sakarsane | tăndha Gusti Hyang Agung | krana murah marang kang abdi | kang têmên-tinêmênan | sipat baka kayun | nora kapir nora Sêlam | lamun eklas anênuhun dèn paringi | tan sêpi ing ihtiyar ||
07.005 Jisaka wau dipun turuni | malaekad Dajil lanatolah | dewa kang tinurunake | sang antiga sumurup | nulya sagêd agawe janmi | pirang-pirang angsalnya | ginawe tumênggung | mila na bupati dhomas | iya iku têrtantune dènnya kardi | langkung tangkar-tumangkar ||
07.006 nanging kang kinarya milih janmi | ingkang wêdal tuhu nora dora | kang goroh kawêlèh-wêlèh [74: kawêlèh-wê...lèh] | lan ginêbyur ing banyu | malah mangke kinarya adil | yèn ana wong mradata | iya parapadu | iku kinarya pratăndha | pasilêman yèn silêm puniku pasthi | kalih ingkang mradata ||
07.007 nagri Mêdhang arja anglangkungi | kutha pênuh samya wismèng desa | iku adiling Hyang mangke | Dewacêngkar rumuhun | mangan janma angrisak nagri | adiling Yyang Jisaka | karya janma agung | dadya gêmahkên nagara | sêmuning Yyang ingkang pinangan rumiyin | olèh têmpuh wong anyar ||
07.008 kunêng gantya kang winuwus malih | nagri Mêdhang sira Prabu Jaka | nèng pura lawan sabate | anggunêm kang cinatur | ingkang kari pulo Majêthi | pun Dora lan Sêmbada | masthi nora nusul | awêdi wawêkas ingwang | sira Duga Prayoga kentara sami | mring pulo timbalana [75: timba...lana] ||
07.009 têtunggone konên gawa nanging | lakunira Duga lan Prayoga | Mênawa anusul dhewe | tata tita sirèku | ambanjura Duga ngabêkti | manêmbah ing suku sang | karo padha mêtu | kunêng gênti ginupita | sabat kalih kang kari pulo Majêthi | pun Dora lan Sêmbada ||
24–25 dari 134