Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 25
26–27 dari 134
259–268 dari 1.340
| 07.021 | tan tumama agitik-ginitik | tunggal kawruhnya pa dha ja ya nya | ganti kantaka arame | ngêntèk tênaganipun | cang-binuncang banting-binanting | tăndha sami digdaya | agêbug-ginêbug | dumadya ma ga ba tha nga | barêng mati sandhangan pêpak sinandhing | suku wulu talingan [80: taling...an] || |
| 07.022 | kunêng Prabu Jaka kang winarni | nganti duta liwating antara | tan kêna wis samayane | ngandika sang aprabu | sira Duga Prayoga sami | nusula mring Si Dora | lawan duganingsun | cakra manawa na salah | pun Dêduga Prayoga wisata aglis | singarsa inggal prapta || |
| 07.023 | ing pulo Majêthi tan kêpanggih | pun Dora Sêmbada ingulatan | kêpanggih mati karone | ha na ca ra ka lampus | tabêt da ta sa wa la sami | sêkti pa dha ja ya nya | mati barêng sampyuh | măngga ba tha nga sih pêpak | sandhangane karone misih sinandhing | nukupi cakra pengkal || |
| 07.024 | Duga Prayoga ngungun kêpati | sigra mantuk sakêdhap wus prapta | ngarsèng gusti lon ature | amba ulun kautus | analika ing abdi kalih | pun Dora [81] pun Sêmbada | na ca ra ka sampyuh | tabêdnya[1] da ta sa wa la | pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga sami | pracihnanipun pêpak || |
| 07.025 | sandhanganipun pêpak sinandhing | suku wulu pêpêt cakra pengkal | gitik-ginitik tabête | lêpihan sampun katur | aturira tinata titi | anjêngêr sri narendra | pan tigang pandulu | nora kêna angartika | sigra angling ingsun dhewe kang wus jangji | tan kêna tinututan || |
| 07.026 | Dora goroh ature mring mami | Sêmbada têmên tuhu parentah | ngong bêndu dening ature | cidra Si Dora iku | nulya Ajisaka anganggit- | anggit pinănca warna | sastra kalih puluh | ginawe warga nglêlima | wit ha na ca ra ka sawarganirèki | pindho da ta sa wa la || |
| 07.027 | pa dha ja ya nya warga [82] ping katri | warga kaping pat ma ga ba tha nga | yèku sawarga-wargane | rinimbag dadya catur | anglêlima rimbagannèki | ingaran sastra dênta | minăngka wit iku | wêwinihing sastra Jawa | wus sinungan sandhangan sawiji-wiji | wêne-wênèh[2] ungêlnya || |
| 07.028 | wus pinănca wali muka nuli | nata tulis nom tuwaning sastra | sastra sandi sarimbage | krana wong nurat iku | lamun tan wruh sandi yya nulis | ingèsêman pujăngga | sandi kèh warnèku | sandi sastra sandi sutra | miwah sandi kirana upaya sandi | tata prunggu nung swara || |
| 07.029 | sastra kang wênang gênti-ginênti | kang muni badan tanpa sandhangan | sami sastra sandhangane | miwah kang dadi guru | guru lagu lan guru tulis | katiga guru lampah [83] | ana dibya guru | ingkang kapara ingêdhang | ya A kara arane kaparèng gêndhing | I kara aranira || |
| 07.030 | kang kapara ngêdhung ukarèki | kaparèng ngêdhong U karanya |[3] kang ngêdhèng E kara rane | kaparèng pêpêt iku | ya lê kara aranirèki | akèh kramaning sastra | ayogya parèku | agêng alit anom tuwa | ing aksara ungguhe sawiji-wiji | ingkang dadi sandhangan || |
26–27 dari 134
| 1 | tabêtnya. (kembali) |
| 2 | wênèh-wênèh. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: kang kaparèng ngêdhong U karanya. (kembali) |