Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7 dari 25
27–28 dari 134
264–273 dari 1.340
07.026 Dora goroh ature mring mami | Sêmbada têmên tuhu parentah | ngong bêndu dening ature | cidra Si Dora iku | nulya Ajisaka anganggit- | anggit pinănca warna | sastra kalih puluh | ginawe warga nglêlima | wit ha na ca ra ka sawarganirèki | pindho da ta sa wa la ||
07.027 pa dha ja ya nya warga [82] ping katri | warga kaping pat ma ga ba tha nga | yèku sawarga-wargane | rinimbag dadya catur | anglêlima rimbagannèki | ingaran sastra dênta | minăngka wit iku | wêwinihing sastra Jawa | wus sinungan sandhangan sawiji-wiji | wêne-wênèh[1] ungêlnya ||
07.028 wus pinănca wali muka nuli | nata tulis nom tuwaning sastra | sastra sandi sarimbage | krana wong nurat iku | lamun tan wruh sandi yya nulis | ingèsêman pujăngga | sandi kèh warnèku | sandi sastra sandi sutra | miwah sandi kirana upaya sandi | tata prunggu nung swara ||
07.029 sastra kang wênang gênti-ginênti | kang muni badan tanpa sandhangan | sami sastra sandhangane | miwah kang dadi guru | guru lagu lan guru tulis | katiga guru lampah [83] | ana dibya guru | ingkang kapara ingêdhang | ya A kara arane kaparèng gêndhing | I kara aranira ||
07.030 kang kapara ngêdhung ukarèki | kaparèng ngêdhong U karanya |[2] kang ngêdhèng E kara rane | kaparèng pêpêt iku | ya lê kara aranirèki | akèh kramaning sastra | ayogya parèku | agêng alit anom tuwa | ing aksara ungguhe sawiji-wiji | ingkang dadi sandhangan ||
07.031 samya sastra kang urip kang mati | tanapi sastra salawe warga | nglima-nglima sawargane | kathahing pêncaripun | sastra Jawi lan Arab sami | Prabu Jisaka wignya | tulus jênêngipun | kasukane saba wana | anggrit sangsam banthèng mesa kidang kancil | singa ngun-angun wagra ||
07.032 ambaburu lan sabatirèki | nora arsa ambêktaa bala [84: ba...la] | sakalangkung kasêngsême | barang kêpanggih sampun | kunêng Prabu Jaka ningali | wontên bujăngga tapa | lami sampun gêntur | munggèng imbanging himawan | wus sudibya warnaning sisik lir manik | endah amăncawarna ||
07.033 pan binêbêd lata awaknèki | Prabu Jaka dulu ula tapa | langkung apanas galihe | duka sru dènnya muwus | arêp dadi apa sirèki | dyan amênthang gandhewa | lumarap wus lampus | bujăngga kêna warastra | nulya ana swara kapyarsa sang aji | hèh Prabu Ajisaka ||
07.034 asikara sira mêmatèni | besuk têmbe Prabu Jaka sira | angambung kêlanangane | mring bujăngga puniku | gêtêr-patêr samya nauri | sênggani păncawora | udan drês wor lesus | salaminya Prabu Jaka [85] | durung ngrasa luwe mangke ngrasa ngêlih | kasrêpan namur lampah ||
07.035 wisata arsa angaub maring | wismèng răndha sasar darbe karsa | maring bok răndha putrane | nguni kapalang timur | mangke sampun mêpêg birai | endahing warnanira | dahat karya wuyung | duk timur wèh êla-êla | guladrawa kasilir rèh manuluhi | ing wardaya sri nata ||
27–28 dari 134

 


wênèh-wênèh. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang kaparèng ngêdhong U karanya. (kembali)