Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
7–8 dari 25
27–28 dari 134
266–275 dari 1.340
07.028 wus pinănca wali muka nuli | nata tulis nom tuwaning sastra | sastra sandi sarimbage | krana wong nurat iku | lamun tan wruh sandi yya nulis | ingèsêman pujăngga | sandi kèh warnèku | sandi sastra sandi sutra | miwah sandi kirana upaya sandi | tata prunggu nung swara ||
07.029 sastra kang wênang gênti-ginênti | kang muni badan tanpa sandhangan | sami sastra sandhangane | miwah kang dadi guru | guru lagu lan guru tulis | katiga guru lampah [83] | ana dibya guru | ingkang kapara ingêdhang | ya A kara arane kaparèng gêndhing | I kara aranira ||
07.030 kang kapara ngêdhung ukarèki | kaparèng ngêdhong U karanya |[1] kang ngêdhèng E kara rane | kaparèng pêpêt iku | ya lê kara aranirèki | akèh kramaning sastra | ayogya parèku | agêng alit anom tuwa | ing aksara ungguhe sawiji-wiji | ingkang dadi sandhangan ||
07.031 samya sastra kang urip kang mati | tanapi sastra salawe warga | nglima-nglima sawargane | kathahing pêncaripun | sastra Jawi lan Arab sami | Prabu Jisaka wignya | tulus jênêngipun | kasukane saba wana | anggrit sangsam banthèng mesa kidang kancil | singa ngun-angun wagra ||
07.032 ambaburu lan sabatirèki | nora arsa ambêktaa bala [84: ba...la] | sakalangkung kasêngsême | barang kêpanggih sampun | kunêng Prabu Jaka ningali | wontên bujăngga tapa | lami sampun gêntur | munggèng imbanging himawan | wus sudibya warnaning sisik lir manik | endah amăncawarna ||
07.033 pan binêbêd lata awaknèki | Prabu Jaka dulu ula tapa | langkung apanas galihe | duka sru dènnya muwus | arêp dadi apa sirèki | dyan amênthang gandhewa | lumarap wus lampus | bujăngga kêna warastra | nulya ana swara kapyarsa sang aji | hèh Prabu Ajisaka ||
07.034 asikara sira mêmatèni | besuk têmbe Prabu Jaka sira | angambung kêlanangane | mring bujăngga puniku | gêtêr-patêr samya nauri | sênggani păncawora | udan drês wor lesus | salaminya Prabu Jaka [85] | durung ngrasa luwe mangke ngrasa ngêlih | kasrêpan namur lampah ||
07.035 wisata arsa angaub maring | wismèng răndha sasar darbe karsa | maring bok răndha putrane | nguni kapalang timur | mangke sampun mêpêg birai | endahing warnanira | dahat karya wuyung | duk timur wèh êla-êla | guladrawa kasilir rèh manuluhi | ing wardaya sri nata ||
8. Sinom
08.001 mangkana Sang Prabu Jaka | Jisaka pan sira apti | anamur dhatêng Kêrandhan | mung sabate kang tut wuri | nora na kang udani | lajêng saking wana wau | ayun wruh warnanira | bok răndha putrane èstri | ciptaning tyas sang nata kinarya garwa ||
08.002 Prabu Anom Ajisaka | prapta tan ana udani | amêng-amêng ing Karandhan | dhukuh [86: dhu...kuh] Sangkèh dèn ubêngi | dangu dènira nganti | ni rara nora amêtu | dyan kinèn samya gêntang | pra parawan egar sami | samya têtabahan lêsung lir gamêlan ||
27–28 dari 134

 


Kurang satu suku kata: kang kaparèng ngêdhong U karanya. (kembali)