Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
7 dari 25
24–25 dari 134
240–249 dari 1.340
| 07.002 | Ajisaka dinulur Hyang Widi | wus katrima pan istijratira | dadi sakarsa-karsane | sabên dina sang prabu | karya janma siti kinardi | ing balêdhug gènira | ana bèjinipun | ajro lir sagaranakan | têngah bèji sinung wot pirantinèki | gènira gawe janma || |
| 07.003 | ing Mêdhangparamêsan gènnèki | bèji ngaran têlaga Madirda | bèji puniku arane | pêrnah sakilènipun | saking kitha Mêdhang nagari | têlaga Mahadirda | ngèrèng-èrèng gunung [73] | ya ing Mêdhangparamêsan | pirantine gènira agawe janmi | Sang Prabu Ajisaka || |
| 07.004 | Randhujajar pamemehannèki | yèn aking gya bêkti amêmuja | linulur ing sakarsane | tăndha Gusti Hyang Agung | krana murah marang kang abdi | kang têmên-tinêmênan | sipat baka kayun | nora kapir nora Sêlam | lamun eklas anênuhun dèn paringi | tan sêpi ing ihtiyar || |
| 07.005 | Jisaka wau dipun turuni | malaekad Dajil lanatolah | dewa kang tinurunake | sang antiga sumurup | nulya sagêd agawe janmi | pirang-pirang angsalnya | ginawe tumênggung | mila na bupati dhomas | iya iku têrtantune dènnya kardi | langkung tangkar-tumangkar || |
| 07.006 | nanging kang kinarya milih janmi | ingkang wêdal tuhu nora dora | kang goroh kawêlèh-wêlèh [74: kawêlèh-wê...lèh] | lan ginêbyur ing banyu | malah mangke kinarya adil | yèn ana wong mradata | iya parapadu | iku kinarya pratăndha | pasilêman yèn silêm puniku pasthi | kalih ingkang mradata || |
| 07.007 | nagri Mêdhang arja anglangkungi | kutha pênuh samya wismèng desa | iku adiling Hyang mangke | Dewacêngkar rumuhun | mangan janma angrisak nagri | adiling Yyang Jisaka | karya janma agung | dadya gêmahkên nagara | sêmuning Yyang ingkang pinangan rumiyin | olèh têmpuh wong anyar || |
| 07.008 | kunêng gantya kang winuwus malih | nagri Mêdhang sira Prabu Jaka | nèng pura lawan sabate | anggunêm kang cinatur | ingkang kari pulo Majêthi | pun Dora lan Sêmbada | masthi nora nusul | awêdi wawêkas ingwang | sira Duga Prayoga kentara sami | mring pulo timbalana [75: timba...lana] || |
| 07.009 | têtunggone konên gawa nanging | lakunira Duga lan Prayoga | Mênawa anusul dhewe | tata tita sirèku | ambanjura Duga ngabêkti | manêmbah ing suku sang | karo padha mêtu | kunêng gênti ginupita | sabat kalih kang kari pulo Majêthi | pun Dora lan Sêmbada || |
| 07.010 | samya mirsa gustine dadya ji | anèng Mêdhangkamolan wus lama | yun nusul ajrih wêlinge | wau ta gurunipun | sapa-sapa ingkang nimbali | mundhut gadhuhanira | aja sira angsung | yèn dudua ingsun dhawak | mila sami mituhu wêlinging gusti | Dora cidrèng wêcana || |
| 07.011 | Dora cidra anusul ing gusti | nora nganggo rêmbag lan kancanya | ambolos lumampah dhewe | pun Dora wus kapangguh | lan pun Duga Prayoga nuli | ingirid manjing pura | asowan [76: a...sowan] sang prabu | sumungkêm pada suku sang | angandika Prabu Jaka sira prapti | Dora êndi kancanta || |
24–25 dari 134