Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 25
32 dari 134
311–320 dari 1.340
09.010 saenggane lir gunung kang mijah-mijah | sumaput prabawaning | kang prang padha dibya | sindhung lesus satbuta | prakampita widik-widik | rob kang sagara | we panas kadya api ||
09.011 ula iwak akathah [98: a...kathah] kang samya pêjah | kontal kabuncang gisik | katanggor ing parang | rahnya bang sumamburat | isining we kawlasasih | andina aprang | nora na ngrasa ajrih ||
09.012 wong Sagara Kidul samya ningali prang | prangira baya putih | kalawan taksaka | ajrih yèn ngilonana | dene padha gustinèki | ingkang kayangan | Sagara Kidul nguni ||
09.013 Ratu Angin-angin lêga manahira | baya putih lèh tandhing | kamaroning manah | dene sang baya pêthak | nèng tasik milu dadya ji | panêdhanira | kalaha baya putih ||
09.014 dadya jêmbar polatanira sang nata | Sagara Kidul mangkin | wau ta kang aprang | baya putih kasoran | sinaut ilatirèki | tugêl watgata | gya cinakot pinuntir ||
09.015 wus palastra sang bajul putih kinipat [99: ki...nipat] | binuncang tibèng ardi | Gunung Kidul ingkang | marma na gunung Liman | kadadean baya putih | têrtantu kuna | kunêng ingkang winarni ||
09.016 Sang Taksaka Linglung wusnya mênang aprang | bungah marwata siwi | adarbe pangrasa | lamun ingakên putra | nging karyane kari siji | anggênês warang- | ira kang rama aji ||
09.017 lan Sang Ratu Angin-angin langkung lêga | icale baya putih | ngrasa kapotangan | nulya ngling ngungandikan | wus prapta manjing ing puri | Raja Ngin mojar | mulane sun timbali ||
09.018 luwarana Nglinglung ing punaginingwang | jumênênga narpati | anèng ing samodra | sakêdhap sukur sira | kêkêla anèng jêladri | Linglung turira | inggih kula lampahi ||
09.019 nging sakêdhap ngluwari punagi tuwan | nuhun kula [100] puniki | saèstu dinuta | nêgês warang ramendra | inggih prênahipun ngriki | ngong dèrèng wikan | mojar Raja Ngin-angin ||
32 dari 134