Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 25
33–34 dari 134
323–332 dari 1.340
09.022 Nglinglung sira sun tuturi ramanira | tan tulus dadya aji | amung tigang warsa | wus karsaning Yang Suksma | nuli na jumênêng aji | kang duwe lawas | yaiku warang mami ||
09.023 kèringan ngrat nanging mêngko durung măngsa | Nglinglung maksih ginaib | sira anuruta | Nglinglung [...] | [...] | [...] | [...] [103[1]] ||[2]
09.024 [...] | [...] | [...] | [...] | lêlêmbut ing tanah Jawi | padha aseba | ingsun ngawula benjing ||[3]
09.025 saturune iya ingkang momong ingwang | yèn sira nora ngabdi | pasthi nora kêna | ngambah nagara Jawa | ya sira ingsun lilani | ngratoni dharat | rèhna lêmbut ing ardi ||
09.026 karyanira dadya panêngêran jaman | yèn dahuru nêgari | mênange lan kalah | iku sira dèn awas | apa kang dadi prakawis | ing panjênêngan | sira sun pitayani ||
09.027 wis ngulona Nglinglung iki marga gampang | ja ngambah marga lami | lah uwis muliha | tinggalên bojonira | aja ngrubêdi ing margi | Nglinglung wus mêsat | ngilèn dènnya lumaris ||
09.028 mêdal têlêng jêladri amblês buntala | wus mênga jêbul ngardi | nênggih ing Pasundhan | mila têrtantunira | kathah blênge tanah Jawi | ya patilasan- [104: patilasa...n-] | ira Sang Nglinglung nguni ||
09.029 nulya malih amblês bumi jêbul Dêmak | ing Wala wastanèki | blês malih buntala | jêbul ing Gêrobagan | ing Ngêblak kang dèn lèrèni | sineba ngula | wontên ing ngriku lami ||
09.030 Raja Nglinglung sineba sakèhing ula | nulya akrama malih | putri ayu endah | Rêtna Blorong arannya | ratuning ing Banyuwangi | Nglinglung anulya | amblês bumi wus prapti ||
09.031 ing Cêrèwèk lajêng ing Kuwu wus prapta | nèng Kuwu kèndêl lami | anulya asowan | dhumatêng ingkang rama | anjujug kiyai patih | kaki matura | yèn ingsun olèh kardi ||
33–34 dari 134

 


Halaman 101 dan 102 tidak ada. (kembali)
Kurang empat gatra. Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman 101 yang tidak ada. (kembali)
Kurang empat gatra. Semestinya gatra yang kurang ini terdapat di halaman 102 yang tidak ada. (kembali)