Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
9–10 dari 25
33–34 dari 134
326–335 dari 1.340
| 09.025 | saturune iya ingkang momong ingwang | yèn sira nora ngabdi | pasthi nora kêna | ngambah nagara Jawa | ya sira ingsun lilani | ngratoni dharat | rèhna lêmbut ing ardi || |
| 09.026 | karyanira dadya panêngêran jaman | yèn dahuru nêgari | mênange lan kalah | iku sira dèn awas | apa kang dadi prakawis | ing panjênêngan | sira sun pitayani || |
| 09.027 | wis ngulona Nglinglung iki marga gampang | ja ngambah marga lami | lah uwis muliha | tinggalên bojonira | aja ngrubêdi ing margi | Nglinglung wus mêsat | ngilèn dènnya lumaris || |
| 09.028 | mêdal têlêng jêladri amblês buntala | wus mênga jêbul ngardi | nênggih ing Pasundhan | mila têrtantunira | kathah blênge tanah Jawi | ya patilasan- [104: patilasa...n-] | ira Sang Nglinglung nguni || |
| 09.029 | nulya malih amblês bumi jêbul Dêmak | ing Wala wastanèki | blês malih buntala | jêbul ing Gêrobagan | ing Ngêblak kang dèn lèrèni | sineba ngula | wontên ing ngriku lami || |
| 09.030 | Raja Nglinglung sineba sakèhing ula | nulya akrama malih | putri ayu endah | Rêtna Blorong arannya | ratuning ing Banyuwangi | Nglinglung anulya | amblês bumi wus prapti || |
| 09.031 | ing Cêrèwèk lajêng ing Kuwu wus prapta | nèng Kuwu kèndêl lami | anulya asowan | dhumatêng ingkang rama | anjujug kiyai patih | kaki matura | yèn ingsun olèh kardi || |
| 09.032 | langkung trustha ki patih nauri sabda | sokur bage mas gusti | payo padha seba | sampun prapta ing pura | kaparêng Bok Puspasari | marêngi mêdal | canthèl [105: ca...nthèl] atur ki patih || |
| 09.033 | Puspasari langku[1] dene suka bungah | nêmbah matur sang aji | nuhun tur uninga | putra paduka prapta | lampahipun angsal kardi | girang sang nata | kasmaran ing pawarti || |
| 10. Asmaradana | |
| 10.001 | timbalana putra mami | lan Si Patih Puspasêkar | wus mêdal ngirid rahadèn | wus prapta ing dalêm pura | anglekar anèng ngarsa | Prabu Jaka ngandika rum | kulup priye lakunira || |
33–34 dari 134
| 1 | langkung. (kembali) |