Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 25
2–3 dari 134
20–29 dari 1.340
| 01.020 | jro tembok ana êrinya | Busaka datan udani | sarêng napak sukunira | Abusaka kêna ngêri | sakit andhepok siti | karsaning Hyang nulya [8] rawuh | Idajil lanatolah | mapagkên ngarsanirèki | sarya ngucap Abusaka putuningwang || |
| 01.021 | arsa maring ngêndi sira | Sang Abusaka nauri | tuwan sintên dene wikan | dhatêng amba gya nauri | apa kaluwih mami | yèn tan wruha ing sirèku | sira ingkang sakabat | ing kangjêng andika Nabi | Rasullulahu wangalèhi wasalam || |
| 01.022 | ingutus mirsa narmada | ilènipun dene cilik | rowangira Abubakar | Ngumar Ngusman Bagendha Li | gawok Busaka dening | asidik pangucapipun | wus asalin pangrasa | asalah paningalnèki | dadya kalab pasthining Hyang nora bakal || |
| 01.023 | sira lamun tan wruh ingwang | ingsun iki pan Idajil | atulung marang ing sira | sira nut andika Nabi | apa ta [9] luwihnèki | kaki maksih luwih ingsun | sira anuta mringwang | tutug sakarêpmu kaki | sirangsua lir toya măngsa têlasa || |
| 01.024 | amiyosakên istijrat | pangabarannya Idajil | sadhêpa tan ngambah lêmah | nulya manjing jroning gêni | wus ilang tan kaèksi | amblês bumi praptèng luhur | nulya manjing samodra | akathah tan na kawarni | karsaning Hyang wus kapencut Abusaka || |
| 01.025 | wus winuruk ngèlmunira | anêlas kang ngèlmu singkir | miwah ngèlmu panitisan | tanapi rahsa kang dhingin | sadurunge dumadi | kala manikmayanipun | sapangandhap sadaya | prapta Abusaka nênggih | wruha padhang kacakup sakèhing wulang || |
| 01.026 | Idajil malih angucap | wis muliha putu mami | gurunira ayonana | sakarêpmu tan [10: ta...n] sun dohi | timbangana Jêng Nabi | barang ing kabisanipun | Abusaka gya mangkat | sakêplasan nulya prapti | sampun manjing jroning saka palênggahan || |
| 01.027 | sabat sakawan gya prapta | ngarsaning Nabi ngabêkti | inggih sampun amba priksa | wus agêng mangke kang ngili | lan kwuningana Gusti | di dalêm Busaka kantun | ngandika Nabiyolah | Si Abusaka tan kari | prapta dhingin angayoni marang ingwang || |
| 01.028 | lumêbèng jroning sêsaka | dinalih ingsun tan uning | ing karêpe Abusaka | amungkar marang ing mami | guru marang Idajil | para sakabat umatur | inggih amba tan wikan | nuwun kinèna umijil | lon andika lah Abusaka mêtua || |
| 01.029 | nuli Abusaka mêdal | tur sêmbah konjêm ing siti | ebat sakèhing sakabat [11: sa...kabat] | Jêng Nabi asêmu runtik | wasana ngandika ris | iya wus takdirirèku | tan kêna ingowahan | Abusaka sira ugi | agêguru mring Idajil iblis lanat || |
2–3 dari 134