Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1–2 dari 25
4–5 dari 134
38–47 dari 1.340
| 01.038 | kalangkung pangalêmira | wong Balhum [14: Ba...lhum] awêdi asih | Ajisaka wus angrasa | duwe kabêcikan nuli | sabat papat kinardi | pariwara ajêjuluk | pun Dora lan Sêmbada | pun Mênawa pun Mênawi | sampun kèdhêp girisa parentahira || |
| 2. Girisa | |
| 02.001 | nagri Balhum wus arata | kang sabat wus wasis samya | ing Balhum akèh bramana | sami wignya sêkti guna | malekad Dajil duk prapta | Jisaka sumungkêm pada | malekad Idajil ngucap | kaki tinundhung ta sira || |
| 02.002 | mring Jêng Nabi aja maras | ingsun gawenên gagêntya | aja tanggung timbangana | Kangjêng Nabi sakarsanya | pan sira uwus sun wêjang | pangiwa purwa wasana | bumi langit durung ana | ananipun Manikmaya || |
| 02.003 | kakawin timbangna kitab | nabi timbangana dewa [15: de...wa] | Sastra Rab lan Sastra Kêrdha | wus pinasthi besuk sira | Sang Balhum tinundhung sira | mring Jawa jumênêng nata | lawase mung tigang warsa | kaki wus pasthining Suksma || |
| 02.004 | benjang yèn wus tigang warsa | nuli sira umentara | aja kari padyanira | sapraja sira gawaa | nging yya nuli madêg nata | tatanên dhingin ing Jawa | kaki agawea tilas | nyêngkalanana buwana || |
| 02.005 | agama kakiwakêna | tatanên kaki dèn rata | iki kaki purwanira | wênang anataa tapa | kaping kalih nata darma | lan nataa basa krama | kaping pat nataa praja | yèn wus rata dera tata || |
| 02.006 | amuksa awor lan ingwang | dadia ratu seluman | tan bukti wus sinung sarat | iku datan kêna pêjah | nèng donya salamènira | uwis putu akaria | malekad [16: male...kad] Idajil musna | Jisaka muruk pangiwa || |
| 02.007 | nahan wau ingkang prapta | Nabi Kilir gya ngandika | Jisaka sira lungaa | Si Balhum pan gustinira | Jêng Nabi kalangkung duka | tan arsa parêk lan sira | langkung ajrih Ajisaka | udrasa sumungkêm pada || |
| 02.008 | matur amba nuwun prênah | ngandika sira ngetana | wetan iki ana nungsa | ingaranan pulo Jawa | tur dadi kamulyanira | besuk sira dadi nata | pinasthi ing tigang warsa | wis ta enggal wisataa || |
| 02.009 | Jêng Nabi Kilir wus linggar | Ajisaka nulya mentar | ngiring sakabat sakawan | kocaping kaol wong Mêkah | Madinah têka ing Jawa | pan lêlakon tigang warsa | yèn Jisaka ya mampira | sapta ri kewala prapta || |
4–5 dari 134