Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
1 dari 25
1–2 dari 134
6–15 dari 1.340
| 01.006 | èstri ayu anom wadat | wus jumênêng nata dèwi | dènnya tapa madyèng kutha | winastan nusa Têmbini | bêbala samya èstri | rinya jalu bagus-bagus [3: bagus-bagu...s] | nama Dewatacêngkar | kang badhe gêntosi aji | arènipun dadya Dipati Madura || |
| 01.007 | aran Dewatapamunah | ari wuragil bupati | ing Bali nagaranira | Sang Dewagung namanèki | samya ngidhêp ing Jawi | tan wênang jumênêng ratu | mung bupati kewala | sabên măngsa tur ubêkti | mring kang rama nging Dewatacêngkar mungkar || |
| 01.008 | wani ngrama mangan janma | sakalangkung dening musrik | tinundhung marang kang rama | akesah ngumpulkên janmi | rêmên raton pribadi | nèng Mêdhangkamulan iku | pan sampun akêkitha | wus agung wadyanirèki | sapangetan nagari têluk sadaya || |
| 01.009 | ajrih samya kawon ing prang | Dewatacêngkar asêkti | arsa mungsuh ingkang rama | ari kalih tan ngrêmbagi | nging mêksa nora kêni [4: kê...ni] | wus amêpak barisipun | kinêrig wong bang wetan | têngara budhal kang baris | lakung[1] agêng lir prawata gêni kobar || |
| 01.010 | angirupi padêdesan | wus têlas karang paminggir | nagara Galuh kinêpang | nanging nora dèn ladèni | maksa dipun bêdhili | ingobongan wismanipun | kang rama langkung duka | anulya dipun wiyosi | aprang rame kalimput wadya bang wetan || |
| 01.011 | Dewatacêngkar têragal | tumandang ngamuk pribadi | wong Galuh ajrih mapaga | piyak angungsi ing gusti | panggih sami pribadi | Sri Narpa Sindhula muwus | kaki sira elinga | sirèku pan badhe aji | anging aja kaki putra gege măngsa || |
| 01.012 | sumaur Dewatacêngkar | apa jarmu sun tan wêdi | ingong sira siya-siya | arsa [5: ar...sa] malês ing sirèki | narajang nyandhak bindi | mukul siyat-siyut luput | lah payo tadhahana | amalêsa padha bêcik | ingkang rama wus musna datan katingal || |
| 01.013 | sirnane angraga suksma | sawadyabala tan kèksi | kutha Galuh tan katingal | kang putra dèn supatani | ja sira dadi janmi | salaha kadadèn besuk | ywa tutug madêg nata | ana ingkang malês benjing | anêlani besuk ing karatonira || |
| 01.014 | kênaa ing sapu-dhêndha | ing bathara ingkang luwih | dadia buroning janma | dadia isining warih | lah iku sira anti | sira bangêt wani mringsun | Dewatacêngkar mirsa | anêlăngsa asru nangis | balang tiba nora kêna tinututan || |
| 01.015 | asru tobat mring kang rama | nanging nora kêna [6] gingsir | ing Galuh wus katon wana | Dewatacêngkar wus eling | mupus wus madêg aji | ngalih Mêdhang ratunipun | tutug sakarsanira | ladène dhahar wong siji | sabên dina nagrine kalangkung rusak || |
1–2 dari 134
| 1 | langkung. (kembali) |