Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
13 dari 25
43–44 dari 134
425–434 dari 1.340
| 13.004 | dhuh mas mirah witning ingsun iki [135: i...ki] | ayun wikan pasareanira | apa ta baya rupane | rêtnaning pura matur | datan èwêd yèn arsa uning | dêrmi têngga kewala | kawula pukulun | mapan kagungan paduka | nulya mudhun Dyan Daniswara kinanthi | marang jinêm paprêman || |
| 13.005 | sapraptane pan sarêng alinggih | Daniswara lawan prabu rara | ing jro tyas samya aptine | prabu rara rinungrum | pan mèh pangling kawula gusti | sidhêp Dèwi Supraba | memba ing kadhatun | kuciwa dèwining sêkar | wênangêna kawula angaras gusti | anging anuwun duka || |
| 13.006 | baya iki panukmaning Ratih | kang ngêdhaton sajroning samodra | lir yangyang marabawane | dhuh atma jiwaningsun | tulusêna asiyèng dasih | kang lagi kawlasarsa | sapa yoganipun | kang [136] angsung tămba wiyoga | yèn ta dudu manik musthikaning bumi | siwayèng jro sagara || |
| 13.007 | midêr ing rat ing saknungsa Jawi | êjim miwah pêri pêrayangan | putrining manungsa kabèh | kang para ratu-ratu | nora nana ingkang sairib | kang kadi suwarnanta | ayu-ayu tulus | cahya apindha sasăngka | kêkuwunge lêngkêp mangkana nawêngi | wêwênganing tiarsa || |
| 13.008 | mung panêdhaningsun mring sirèki | wênangêna ngrabasèng puranta | kang rinukmi rarênggane | jro kutha kojor-kujur | kanggo pura wingit winêrit | laleyan kapurancang | made mas manguntur | sun arsa siwèng asmara | atur lulut ing bêkti ing tilam sari | pisungsung sukaning tyas || |
| 13.009 | baya iki marganingsun olih | ing kabêgjan lawan kanugrahan | awit [137: a...wit] saking sira anggèr | marma yèn pisah ingsun | ing jro langse nora sarêsmi | wurung dadi narendra | sida saba banyu | sang dyah kabyatan srênggara | jiwa lêsu nora bisa anayuti | kakung mêrdi asmara || |
| 13.010 | sang dyah ingaras lupa jiwèki | radèn nyipta ing asmaratăntra | asta nglayang ing janggane | ngungkih lukaring sampur | prabu rara tansah ngêkahi | pinêrdi deni[1] priya | wus kongkal kang pinjung | mêdhar sari babar mayang | salukare warsiki sumyar gănda mrik | wanti-wanti ingaras || |
| 13.011 | mung dukanta kang sun suwun gusti | lamun anggèr tan tulus sihira | kaya ngapa ing dadine | yèn winênang wak ingsun | amisesa ing kutha rukmi | sang dyah rêmpu ing driya | sang kakung mrih pagut | anggrêgut nungkêmi [138] madya | asta têngên munggèng jăngga kiwa mêrdi | nèng jaja sinjang lukar || |
| 13.012 | lukaring sinjang wêntis patitis | panitihe têmpuh ing warastra | kagyat mati sêsambate | amingsêk nyêthot pupu | sarya nangis dhuh mati mami | sêsotyanira muncar | awra munggèng kasur | samya tigas-katigasan | pan kanyaran ngasmara sang dyah anangis | lir ulung kapipitan || |
| 13.013 | sok kapasuk pangêsuking gati | wantu-wantu dènira angaras | cinêcêp-cêcêp lathine | asta angrangkul gulu | dahad dènnya mêrdi ing rêsmi | nêdha sinampunana | kakung wlas kalangkung | wus wudhar ingkang asmara | ngaras pipi anuwun dêduka gusti | dèn agêng apuranta || |
43–44 dari 134
| 1 | dening. (kembali) |