Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
2–3 dari 25
6–7 dari 134
58–67 dari 1.340
| 02.020 | mung sinêbut panêmbahan | wus sawarsa Ajisaka | kentar dhatêng pagunungan | gunung Kêndhêng ingancikan | nênggih têgsih nunggil warsa | ing pasisir tinilaran | bramana kang wignya-wignya | amêmuruk guladrawa || |
| 3. Dhandhanggula | |
| 03.001 | bagus anom awasis ing ngèlmi | Ajisaka pan ginuron ing rat | saking akathah kawruhe [20: kawruh...e] | prawira sudibya nung | tur aguna sarana sêkti | wong punjul ing apapak | mrojol kêrêpipun | manjing ajur-ajèr bisa | luput pêjah duk ngancik Kakêndhêng wukir | Jimakir nuju kasa || |
| 03.002 | sasi Bêsar wukune Manail | pujăngga makirtya ring carita | wikanta rèh kasidane | sirna wuk dasa windu |[1] sêngkalane Jisaka lagi | dhukuh ing Kabuyudaan |[2] sabatipun agung | babêktane saking sabrang | nganggit Kawi Arjunawijaya tuwin | Rama lan Bratayuda || |
| 03.003 | lawan Kawi Panitisastrèki | nganggit Sastra Sandi Dasanama | Căndragêni panganggite | nèng Kabuyutan iku | Natasastra kawruhing wardi | anom tuwaning sastra | Basa Kawi pangwruh | anganggit kawi wiha |[3] Bimasuci Bomataka kang dèn aji | puruhitèng Jisaka || |
| 03.004 | wong bang [21] kilèn amangeran sami | Ajisaka asêsilih nama | Sang Yyang Mudha Batharane | sabatipun pan agung | para buyut lawan wêwasi | para êmpu pujăngga | kalilan mêmuruk | wus wasis-wasis sadaya | sirah tunggal sasi Sura salin warsi | tan tênggak tan atusan || |
| 03.005 | tanpa ewon sêngkalanirèki | Sang Ajisaka karya sanjata | maryêm siji langkung gêdhe | papa rontakanipun | bêndhe wolu gêndera kalih | lan anyipta têlaga | sapa kêlar junjung | ing maryêm antuk kamulyan | lamun musna bêndhe rontèk iku masthi | dadya têngran nagara || |
| 03.006 | pasthi ana prang gêdhe yèn mulih | bêndhe rontèk kang darajad karta | têngah tlaga sapulone | wong ngêlangi yèn tutug | pulo masthi olih kamuktin | Ajisaka lêlana | kang kinèn atunggu [22: a...tunggu] | sabat siji luwih wignya | pan kalilan mêmuruk wênang gêntèni | angrèh sabat sadaya || |
| 03.007 | sakawruhnya Jisaka wus ênting | wus katelat lan Mudhik Bathara | Ajisaka saanane | mentar Ajisaka wus | ananira ingkang anami | Sang Yyang Mudhik Bathara | tunggal jatènipun | yèn pisah loro dadinya | ja kaliru ya Ki Mudhik Batharèki | ya tunggal Ajisaka || |
| 03.008 | lir satu lawan rimbagannèki | Ajisaka kesah kang atêngga | Dhatuk Mudhik Batharane | sabat papat kang tumut | Ajisaka jajah nagari | nglangut anut sakarsa | sagèn-ênggènipun | makirtyèng kidung pralambang | nyêngkalani kang lami myang kapiyarsi | sami angawruhana || |
| 03.009 | sirah tênggak tusan kang mêkasi | nuli sirahe sira abêna | sêngkala dhingin [23: dhingi...n] lan mangke | dèn waskitha sirèku | milang bathi lan tunanèki | milang mêmêt wruhana | bokmanawa na wruh | ngèsêman nayakaning rat | Ajisaka nèng Jawa anyêngkalani | lêlana midêr ing rat || |
6–7 dari 134
| 1 | Tanggal: sirna wuk dasa windu (S 0000). Tahun Masehi: 78–9. Sangkala ini menandai tradisi yang secara luas diyakini sebagai permulaan penanggalan era Jawa, yang dimulai dengan kedatangan Ajisaka. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata: dhukuh ing Kabuyudan. (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: anganggit kawi wiwaha. (kembali) |