Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 25
8–9 dari 134
75–84 dari 1.340
03.017 sami pinêndhêm pulo [26] Jamêthi[1] | Jisaka kentar mring Danaraja | lajêng mring Pajang kuthane | saênggone mêmuruk | kerut padha anyabat sami | dhatêng ing Surapringga | wangsul ngilèn sampun | marang nagari ing Mêdhang | ing Balêbêr Jisaka kalêson kampir | wismèng Răndha Sêngkêran ||
03.018 dhukuh sakèhing kang duwe panti | Răndha Sêngkêran mukti wibawa | akathah anak putune | Răndha Sêngkêran iku | têtilare kyai apatih | tan duwe anak lanang | mung jugèstri ayu | lagya birai ing sêkar | wastanira Rara Dèwi Rarasati | ayu punjul sapraja ||
03.019 midêr ing rat tan antuk kêkalih | datan wontên ingkang umiriba | marang sang rêtna citrane | kunêng ingkang winuwus | nyai Răndha Sêngkêran mijil | kagyat ana dhatêngan | gupuh-gupuh wangsul | pawongan [27: pawong...an] kèn gêlarana | lampit ngandhap tinumpang klasa panjalin | sayana nginggil pisan ||
03.020 parêkan mijil kinèn ngaturi | sampun kerid Ajisaka lênggah | pra sabat munggèng wurine | lungguh ing lante alus | pasugata wohan sumaji | dènnya lênggah Jisaka | amardapa mungguh | bok răndha jêngêr tumingal | têtamunya bagus anom èsmu wingit | kêmbar lan putra nata ||
03.021 ni răndha ngling bageya ta kaki | bagus anom atigas kawuryan | pundi pinăngka ta anggèr | lan kang sinêdyèng kayun | praja Mêdhang dèrèng udani | anggèr anyar katingal | Jisaka sumaur | anêdha pasihan dika | tanpa wisma lit mila saênggèn kampir | tanpa dunung pinăngka ||
03.022 songsong mega wong akandhang langit | kêmul pujăngga nusu [28: nu...su] arina | kaèksi alit milane | datan uningèng tuwuh | nyai răndha gumuyu angling | ngêndi ana mas nyawa | sun takon satuhu | Ajisaka saurira | saking sabrang nagari ing Atasangin | arsa wruh nagri Jawa ||
03.023 yèki bibi nagari ing pundi | nauri ni răndha kene nyawa | Mêdhangkamulan arane | bisikane sang prabu | Sri Dewatacêngkar rannèki | patihe mula-mula | iya lakiningsun | wus lalis ingkang gumantya | sadulurku taruna punapa bibi | datan adarbe putra ||
03.024 kaki duwe siji nging pawèstri | lagya pasuson tinilar ngrama | lamun sudi sira anggèr | sira sun akên sunu | arinira wong ontang-anting | sumaur Ajisaka | bibi tarimèngsun | putranira ni bok răndha | kinèn mijil iki sadulurmu prapti | ya [29] saking pangumbaran ||
03.025 sapanên nini kadangirèki | dangu kèndêl isin awêcana | yèn aja jrihyèng bibine | lon wijiling pamuwus | èsmu isin wêcana ririh | radèn sami raharja | ingkang lagya rawuh | kumêpyur Ki Ajisaka | gagap-gugup saure anuwun yayi | gumuyu ni bok răndha ||
03.026 katon apa mas kadangirèki | bibi sun sidhêp Dèwi Supraba | kang tumurun bagèkake | sang dyah mèsêm tumungkul | sabat kalih dènnya ningali | samya kumêdhèp têsmak | panone sumaput | sajêge durung tumingal | Ajisaka kagimir tansah asabil | emut yèn amandhita ||
8–9 dari 134

 


Majêthi. (kembali)