Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 25
8–9 dari 134
78–87 dari 1.340
| 03.020 | parêkan mijil kinèn ngaturi | sampun kerid Ajisaka lênggah | pra sabat munggèng wurine | lungguh ing lante alus | pasugata wohan sumaji | dènnya lênggah Jisaka | amardapa mungguh | bok răndha jêngêr tumingal | têtamunya bagus anom èsmu wingit | kêmbar lan putra nata || |
| 03.021 | ni răndha ngling bageya ta kaki | bagus anom atigas kawuryan | pundi pinăngka ta anggèr | lan kang sinêdyèng kayun | praja Mêdhang dèrèng udani | anggèr anyar katingal | Jisaka sumaur | anêdha pasihan dika | tanpa wisma lit mila saênggèn kampir | tanpa dunung pinăngka || |
| 03.022 | songsong mega wong akandhang langit | kêmul pujăngga nusu [28: nu...su] arina | kaèksi alit milane | datan uningèng tuwuh | nyai răndha gumuyu angling | ngêndi ana mas nyawa | sun takon satuhu | Ajisaka saurira | saking sabrang nagari ing Atasangin | arsa wruh nagri Jawa || |
| 03.023 | yèki bibi nagari ing pundi | nauri ni răndha kene nyawa | Mêdhangkamulan arane | bisikane sang prabu | Sri Dewatacêngkar rannèki | patihe mula-mula | iya lakiningsun | wus lalis ingkang gumantya | sadulurku taruna punapa bibi | datan adarbe putra || |
| 03.024 | kaki duwe siji nging pawèstri | lagya pasuson tinilar ngrama | lamun sudi sira anggèr | sira sun akên sunu | arinira wong ontang-anting | sumaur Ajisaka | bibi tarimèngsun | putranira ni bok răndha | kinèn mijil iki sadulurmu prapti | ya [29] saking pangumbaran || |
| 03.025 | sapanên nini kadangirèki | dangu kèndêl isin awêcana | yèn aja jrihyèng bibine | lon wijiling pamuwus | èsmu isin wêcana ririh | radèn sami raharja | ingkang lagya rawuh | kumêpyur Ki Ajisaka | gagap-gugup saure anuwun yayi | gumuyu ni bok răndha || |
| 03.026 | katon apa mas kadangirèki | bibi sun sidhêp Dèwi Supraba | kang tumurun bagèkake | sang dyah mèsêm tumungkul | sabat kalih dènnya ningali | samya kumêdhèp têsmak | panone sumaput | sajêge durung tumingal | Ajisaka kagimir tansah asabil | emut yèn amandhita || |
| 03.027 | nyai răndha wuwusira aris | jaman iki warti wis kêburan | amung kari Mêdhang bae | idhêpe maksih bingung | wong sajaman gêguru [30] ngèlmi | bramana saking sabrang | ngêjawa mêmuruk | wartane sêkti sumbaga | sudibya nung ngèlmu panitisan wasis | bagus misih taruna || |
| 03.028 | gawa sastra kêrdha lan kêkawi | yèku ingkang winurukkên ing rat | iku kaya pa rupane | yèn parêka sun ayun | anggêguru Ajisaka ngling | gumuyu aris mojar | lumrah kang wus kusus | kirim suda warta mindhak | sayêktine kang kawarta inggih mami | nyai răndha gupita || |
| 03.029 | bêgjane pun bibi sira prapti | mêmuruka ingsun pugung[1] mudha | sang dwija saguh nulya ge | ni răndha wus winuruk | manjing supi purnaning pati | pratikêl panitisan | idhêp adhêpipun | ing urip tan kêna pêjah | wus sampurna ni răndha ngaji kakawin | mêmuruk wus kalilan || |
8–9 dari 134
| 1 | punggung. (kembali) |