Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 25
9 dari 134
81–90 dari 1.340
03.023 yèki bibi nagari ing pundi | nauri ni răndha kene nyawa | Mêdhangkamulan arane | bisikane sang prabu | Sri Dewatacêngkar rannèki | patihe mula-mula | iya lakiningsun | wus lalis ingkang gumantya | sadulurku taruna punapa bibi | datan adarbe putra ||
03.024 kaki duwe siji nging pawèstri | lagya pasuson tinilar ngrama | lamun sudi sira anggèr | sira sun akên sunu | arinira wong ontang-anting | sumaur Ajisaka | bibi tarimèngsun | putranira ni bok răndha | kinèn mijil iki sadulurmu prapti | ya [29] saking pangumbaran ||
03.025 sapanên nini kadangirèki | dangu kèndêl isin awêcana | yèn aja jrihyèng bibine | lon wijiling pamuwus | èsmu isin wêcana ririh | radèn sami raharja | ingkang lagya rawuh | kumêpyur Ki Ajisaka | gagap-gugup saure anuwun yayi | gumuyu ni bok răndha ||
03.026 katon apa mas kadangirèki | bibi sun sidhêp Dèwi Supraba | kang tumurun bagèkake | sang dyah mèsêm tumungkul | sabat kalih dènnya ningali | samya kumêdhèp têsmak | panone sumaput | sajêge durung tumingal | Ajisaka kagimir tansah asabil | emut yèn amandhita ||
03.027 nyai răndha wuwusira aris | jaman iki warti wis kêburan | amung kari Mêdhang bae | idhêpe maksih bingung | wong sajaman gêguru [30] ngèlmi | bramana saking sabrang | ngêjawa mêmuruk | wartane sêkti sumbaga | sudibya nung ngèlmu panitisan wasis | bagus misih taruna ||
03.028 gawa sastra kêrdha lan kêkawi | yèku ingkang winurukkên ing rat | iku kaya pa rupane | yèn parêka sun ayun | anggêguru Ajisaka ngling | gumuyu aris mojar | lumrah kang wus kusus | kirim suda warta mindhak | sayêktine kang kawarta inggih mami | nyai răndha gupita ||
03.029 bêgjane pun bibi sira prapti | mêmuruka ingsun pugung[1] mudha | sang dwija saguh nulya ge | ni răndha wus winuruk | manjing supi purnaning pati | pratikêl panitisan | idhêp adhêpipun | ing urip tan kêna pêjah | wus sampurna ni răndha ngaji kakawin | mêmuruk wus kalilan ||
03.030 ingkang putra [31] winuruk pribadi | sampun wasis Ni Rara Sumbaga | dhasar wong ayu rupane | sang wara dwija sampun | gêlar kasudibyanirèki | kerut wong sanêgara | sumungkêm sadarum | kaloka ing jana priya | wong ing Mêdhang anggêpe sami angabdi | nèng Karandhan wus lama ||
03.031 Kyana Patih Tênggêr mirsa nuli | mring Karandhan kapanggih Jisaka | ki patih gêguru mangke | bawa rasa sadalu | puruhita ing prama kawi | sastra lan kasantikan | kaprawiran putus | kadigdayan kanuragan | ngèlmu singkir pan sampun têlas ingaji | myang ngèlmu panitisan ||
03.032 kyana patih alon lingirèki | manira iki ngupaya janma | kalêbu badhe dhahare | iya ing ratuningsun | sadinane manungsa siji | kagèt Ki Ajisaka | ing manah gagêtun [32] | dene angrêrusak janma | akèh suwung praja desa sun tingali | ya ta kang kawursita ||
9 dari 134

 


punggung. (kembali)