Tembang macapat
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Ajisaka, Salamun, 1873, #1502
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 25
9–10 dari 134
88–97 dari 1.340
| 03.030 | ingkang putra [31] winuruk pribadi | sampun wasis Ni Rara Sumbaga | dhasar wong ayu rupane | sang wara dwija sampun | gêlar kasudibyanirèki | kerut wong sanêgara | sumungkêm sadarum | kaloka ing jana priya | wong ing Mêdhang anggêpe sami angabdi | nèng Karandhan wus lama || |
| 03.031 | Kyana Patih Tênggêr mirsa nuli | mring Karandhan kapanggih Jisaka | ki patih gêguru mangke | bawa rasa sadalu | puruhita ing prama kawi | sastra lan kasantikan | kaprawiran putus | kadigdayan kanuragan | ngèlmu singkir pan sampun têlas ingaji | myang ngèlmu panitisan || |
| 03.032 | kyana patih alon lingirèki | manira iki ngupaya janma | kalêbu badhe dhahare | iya ing ratuningsun | sadinane manungsa siji | kagèt Ki Ajisaka | ing manah gagêtun [32] | dene angrêrusak janma | akèh suwung praja desa sun tingali | ya ta kang kawursita || |
| 03.033 | sabatira kèh prapta miyarsi | samya matur nuwun kinukuhan | ratu makatên tingkahe | tan arus ing tumuwuh | têka agung karya pêpati | tan amrih karaharjan | tulusing tumuwuh | mandar karyaa kapenak | ing wong praja miwah dhusun-dhusun sami | ngrêbda oyod rondhona || |
| 03.034 | yèn marêngi paduka sang rêsi | aparinga usadaning praja | Ajisaka lon wuwuse | hèh paman patih ulun | turna dadi dhahar sang aji | nanging suwuna papan | bumi mring sang prabu | sawiyare dhêsthar ingwang | yèn wus tampi nuli dèn dhahara mami | ki patih kagyat ngucap || |
| 03.035 | pun paman anggèr dèrèng kadugi | angaturna dhatêng [33: dha...têng] sri narendra | luhung mêmuruka bae | ing ngriki kathah jugul | Ajisaka aris nauri | dêdimène ta paman | ingsun jarag labuh | ambelani mring wong kathah | janma Mêdhangkamulan măngsa na wani | ingsun kang wani pêjah || |
| 03.036 | nyai răndha asru dènnya nangis | adhuh gusti paran yèn tinilar | pêsthi milu labuh kabèh | Ajisaka gumuyu | aja uga bibi kuwatir | ki patih aris ngucap | dhuh lêrês bok ayu | sang wiku muwus mring patya | tanpa karya gêguru tan tega pati | ngur aja puruita || |
| 03.037 | yèn nora kita labuhi pati | nora nana angandêl wong Mêdhang | wong mati pindhah lawase | paman dèn ngandêl ingsun | ora uga ingsun ngêmasi | lah paman aturêna | dhumatêng sang prabu | yèn wus olèh [34] bumi ingwang | ingsun uga paman bisa gawe janmi | Natèng Mêdhang tan cuwa || |
| 03.038 | dhahara wong sapuluh saari | nora kurang nauri ki patya | măngsa-boronga karsane | golong gupitanipun | duta nata prapta mring patih | andhawuhkên timbalan | ngandika sang prabu | janma lan kinèn mundhuta | wus alama andika botên nyaosi | tan eca dènnya dhahar || |
| 03.039 | kyana patih sauripun aris | pan manira sampun antuk janma | momol tan kiyal daginge | maksih taruna bagus | sarêng anon jêngêr duta ji | satuwuk dèrèng wikan | wong bagus kadyèku | anging putra sri narendra | angungkuli wus adandan kyana patih | wisata so andurma || |
9–10 dari 134