Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3–4 dari 25
9–10 dari 134
90–99 dari 1.340
03.032 kyana patih alon lingirèki | manira iki ngupaya janma | kalêbu badhe dhahare | iya ing ratuningsun | sadinane manungsa siji | kagèt Ki Ajisaka | ing manah gagêtun [32] | dene angrêrusak janma | akèh suwung praja desa sun tingali | ya ta kang kawursita ||
03.033 sabatira kèh prapta miyarsi | samya matur nuwun kinukuhan | ratu makatên tingkahe | tan arus ing tumuwuh | têka agung karya pêpati | tan amrih karaharjan | tulusing tumuwuh | mandar karyaa kapenak | ing wong praja miwah dhusun-dhusun sami | ngrêbda oyod rondhona ||
03.034 yèn marêngi paduka sang rêsi | aparinga usadaning praja | Ajisaka lon wuwuse | hèh paman patih ulun | turna dadi dhahar sang aji | nanging suwuna papan | bumi mring sang prabu | sawiyare dhêsthar ingwang | yèn wus tampi nuli dèn dhahara mami | ki patih kagyat ngucap ||
03.035 pun paman anggèr dèrèng kadugi | angaturna dhatêng [33: dha...têng] sri narendra | luhung mêmuruka bae | ing ngriki kathah jugul | Ajisaka aris nauri | dêdimène ta paman | ingsun jarag labuh | ambelani mring wong kathah | janma Mêdhangkamulan măngsa na wani | ingsun kang wani pêjah ||
03.036 nyai răndha asru dènnya nangis | adhuh gusti paran yèn tinilar | pêsthi milu labuh kabèh | Ajisaka gumuyu | aja uga bibi kuwatir | ki patih aris ngucap | dhuh lêrês bok ayu | sang wiku muwus mring patya | tanpa karya gêguru tan tega pati | ngur aja puruita ||
03.037 yèn nora kita labuhi pati | nora nana angandêl wong Mêdhang | wong mati pindhah lawase | paman dèn ngandêl ingsun | ora uga ingsun ngêmasi | lah paman aturêna | dhumatêng sang prabu | yèn wus olèh [34] bumi ingwang | ingsun uga paman bisa gawe janmi | Natèng Mêdhang tan cuwa ||
03.038 dhahara wong sapuluh saari | nora kurang nauri ki patya | măngsa-boronga karsane | golong gupitanipun | duta nata prapta mring patih | andhawuhkên timbalan | ngandika sang prabu | janma lan kinèn mundhuta | wus alama andika botên nyaosi | tan eca dènnya dhahar ||
03.039 kyana patih sauripun aris | pan manira sampun antuk janma | momol tan kiyal daginge | maksih taruna bagus | sarêng anon jêngêr duta ji | satuwuk dèrèng wikan | wong bagus kadyèku | anging putra sri narendra | angungkuli wus adandan kyana patih | wisata so andurma ||
4. Durma
04.001 wus kairid Ajisaka ni mbok răndha [35] | tumut arsa nglabuhi | muride sadaya | tumut padharsa bela | wong ing Mêdhang mèh sêpalih | manguntur prapta | katur dipun timbali ||
04.002 kang nimbali awasta Bok Sokadana | kêmbar Jisaka kari | wus prapta ngajêngan | patih nêmbah suku sang | sri nata ngandika aris | apa lèh sira | saosan dhahar mami ||
9–10 dari 134