Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 25
7–8 dari 134
63–72 dari 1.340
03.005 tanpa ewon sêngkalanirèki | Sang Ajisaka karya sanjata | maryêm siji langkung gêdhe | papa rontakanipun | bêndhe wolu gêndera kalih | lan anyipta têlaga | sapa kêlar junjung | ing maryêm antuk kamulyan | lamun musna bêndhe rontèk iku masthi | dadya têngran nagara ||
03.006 pasthi ana prang gêdhe yèn mulih | bêndhe rontèk kang darajad karta | têngah tlaga sapulone | wong ngêlangi yèn tutug | pulo masthi olih kamuktin | Ajisaka lêlana | kang kinèn atunggu [22: a...tunggu] | sabat siji luwih wignya | pan kalilan mêmuruk wênang gêntèni | angrèh sabat sadaya ||
03.007 sakawruhnya Jisaka wus ênting | wus katelat lan Mudhik Bathara | Ajisaka saanane | mentar Ajisaka wus | ananira ingkang anami | Sang Yyang Mudhik Bathara | tunggal jatènipun | yèn pisah loro dadinya | ja kaliru ya Ki Mudhik Batharèki | ya tunggal Ajisaka ||
03.008 lir satu lawan rimbagannèki | Ajisaka kesah kang atêngga | Dhatuk Mudhik Batharane | sabat papat kang tumut | Ajisaka jajah nagari | nglangut anut sakarsa | sagèn-ênggènipun | makirtyèng kidung pralambang | nyêngkalani kang lami myang kapiyarsi | sami angawruhana ||
03.009 sirah tênggak tusan kang mêkasi | nuli sirahe sira abêna | sêngkala dhingin [23: dhingi...n] lan mangke | dèn waskitha sirèku | milang bathi lan tunanèki | milang mêmêt wruhana | bokmanawa na wruh | ngèsêman nayakaning rat | Ajisaka nèng Jawa anyêngkalani | lêlana midêr ing rat ||
03.010 saking kilèn dènnya amasisir | mangetan bali dèrèng dèn ambah | gunung wus kancikan kabèh | wong mirut padha suyut | luru ngèlmu lan guru tulis | purwane Babad Sabrang | kang minăngka paku | duk Ajisaka ngajawa | kèh jêjanggan para êmpu buyut tabit | myang bramana ngajawa ||
03.011 ing gunung Kêndhêng dèn sêngkalani | kunir awuk tanpa jalu ika | sirah tunggal sêngkalane | gunung Yyang Jabug awuk | nusa Jawa sirnaning bumi | nusa Barong babadnya | nênggih pring sadhapur | nusa Têmbini nir janma | ing Bawean sêngkalane cèlèng mati [24] | babade sirah sanga ||
03.012 ing gunung Agung dèn sêngkalani | tulup kumukus ing wukir Brama | ala radi sêngkalane | ing gunung Mahamèru | nênggih wêlud anglèng ing bumi | tuwin wukir prawata | ing sêngkalanipun | kaya gapura rinupa | ing Arjuna pawaka rodra karêngi | anênggih wukir Pandhak ||
03.013 kang anyăndra ing gunung Mêrapi | bramana lêbu gni punika |[1] wukir Pêndhêm sêngkalane | sarira wong condrèku | wukir Rèngêl sêngkalanèki | ing mănca trus ing lêmah | wukir Surya ngetung | anênggih bahning pawaka | wukir Bancak kurungan aisi pêksi | ing Lawu catur muka ||
03.014 sirnaning wiku ing gunung Sumbing | ala ulu roro kang bujăngga | ing gunung Anyar babade | bahning awarna kukus | gunung Wilis dèn sêngkalani [25: sêngkala...ni] | karo asêmpal pangnya | myang ing wukir Kidul | gunaning wong yèn ingetang | jênêngipun sang wiku ing Dhangdhanggêndhis | saya ginuron ing rat ||
7–8 dari 134

 


Kurang satu suku kata: bramana lêbu gêni punika. (kembali)