Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22 dari 34
96–97 dari 133
958–967 dari 1.325
22.16 yayi yèn pinindho sira | tinimbalan mring narpati | kayangapa akalira | kang rayi umatur aris | inggih wontên punapi | amêksa wong botên purun | kang raka sru ngandika | yayi apan wong aurip | yèn amogok tinimbalan mring sang nata ||
22.17 apan iya wong punapa | sisan angadêgna baris | aja tanggung ing pratingkah | aywa sira mungal-mungil | manawa olih jail | têmah katail sirèku | wong jawal ala begal | ngakali melik sathithik | ingkang pinrih pakandêlan wong ngawula ||
22.18 kang rayi gumujêng suka | kakang tuwan pindho kardi | paduka mêrangi tatal | bilai lara lan pati | sintên ingkang darbèni | apan kagungan Hyang Agung | sadèrènge wontên badan |[1] pêpasthèn ginawe dhingin | awon pênêd ing lokil makpul punika ||
22.19 kang raka alon ngandika | iya yayi apa malih | yèn wis manjing tekadira | pun kakang têka ngamini | sadina mituturi | sêmana pan sampun dalu | prasamya salat nglanggar | bagdane salat prasami | ingkang raka kalangkung sinungga-sungga ||
22.20 yèn dalu arêringgitan | sira Ki Agêng ing Pêngging | anyugata mring kang raka | pan ringgit bèbèr kinardi | pan samya anujoni | garwanira wawrat sêpuh | sarêng lair punika | ing sasi Jumadilakir | tanggal kaping wolu anuju taun Dal ||
22.21 marêngi măngsa kalima | nuju dina Rêbo Lêgi | ing wanci bangun raina | miyos jalu langkung pêkik | nuju Ki Agêng Pêngging [2: 47] | amêdalkên bingbingipun | Kyai Gêdhe Kênonga | langkung sukanirèng galih | wong kang nonton waya[2] bèbèr kagegeran ||
22.22 ana kêkuwung gêng prapta | têtiga anyêrot kali | garimis samya sakala | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi putranirèki | ingsun paringi jêjuluk | Ki Mas Karèbèt ika | dene yayi amarêngi | ing laire ana wayang bèbèr ika ||
22.23 kang rayi alon turira | anuwun langkung prayogi | angsala pandonga tuwan | mugi kalisa ing sakit | kawula inggih darmi | paduka kang darbe sunu | mugi pinanjangêna | yuswane kang jabang bayi | mugi-mugi tulusa nugrahaning Hyang ||
22.24 cinarita tigang dina | Ki Agêng Tingkir nèng Pêngging | kunêng ingkang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | ponang caraka tumanduk | ing ngabyantara nata | wus katur saaturnèki | pamopone Kiyai Gêdhe Kênonga ||
22.25 panêmbahaning Bintara | sigra dènnya animbali | mring Ki Gêdhe Wanapala | kang rama kiyai patih | tan dangu nulya prapti | ing ngarsane sang aprabu | apan tinuwa-tuwa | putra kang kinarya patih | angandika Sri Naranatèng Bintara ||
96–97 dari 133

 


1 Lebih satu suku kata: dèrènge wontên badan. (kembali)
2 wayang. (kembali)