Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
22 dari 34
96–97 dari 133
953–962 dari 1.325
| 22.11 | Kyai Gêdhe Ngardipurwa | pangandikanira aris | yayi pagene ta sira | mopo timbalaning aji | iya apa sirèki | nora kabawah ing ratu | lêmah kang sira ambah | saisine tanah Jawi | apan iya duwèke kang dadi nata || |
| 22.12 | kang rayi alon turira | Allah kang adarbe bumi | kadar ta ngangkah punapa | wong dhêdhukuh dèn timbali | angling Ki Agêng Tingkir | aja wangkot ing pakewuh | ywa ta tampani lămba | aywa agêgampang pikir | pakewuhe para yayi ulatana || |
| 22.13 | yayi mungguh kaya sira | lir kalênthing wadhah mangsin | ambune pan maksih ana | sira buyuting narpati | ratu ing Pajang Pêngging | pan tabête durung alum | ratu agung prakosa | katutuh ramanirèki | ki dipati pinèt mantu Brawijaya || |
| 22.14 | lah ta yayi kayangapa | sira angringkês prakawis | tinimbalan marang nata | manawa silih udani | yèn pamanira yêkti | arine ibunirèku | manawa parimarma | iku wong dadi narpati | duwe plunan anèng desa ing ngadesa || |
| 22.15 | bêcik sira lumakua | ingsun ingkang atut wuri | măngsa tegaa mring sira | pakewuhe sun calangi | kang rayi matur aris | kados botên sapuniku | kakang bara tan bara | mendah wong dadi narpati | emut [2: 46: emu...t] marang ing sanak lambung kasihan || |
| 22.16 | yayi yèn pinindho sira | tinimbalan mring narpati | kayangapa akalira | kang rayi umatur aris | inggih wontên punapi | amêksa wong botên purun | kang raka sru ngandika | yayi apan wong aurip | yèn amogok tinimbalan mring sang nata || |
| 22.17 | apan iya wong punapa | sisan angadêgna baris | aja tanggung ing pratingkah | aywa sira mungal-mungil | manawa olih jail | têmah katail sirèku | wong jawal ala begal | ngakali melik sathithik | ingkang pinrih pakandêlan wong ngawula || |
| 22.18 | kang rayi gumujêng suka | kakang tuwan pindho kardi | paduka mêrangi tatal | bilai lara lan pati | sintên ingkang darbèni | apan kagungan Hyang Agung | sadèrènge wontên badan |[1] pêpasthèn ginawe dhingin | awon pênêd ing lokil makpul punika || |
| 22.19 | kang raka alon ngandika | iya yayi apa malih | yèn wis manjing tekadira | pun kakang têka ngamini | sadina mituturi | sêmana pan sampun dalu | prasamya salat nglanggar | bagdane salat prasami | ingkang raka kalangkung sinungga-sungga || |
| 22.20 | yèn dalu arêringgitan | sira Ki Agêng ing Pêngging | anyugata mring kang raka | pan ringgit bèbèr kinardi | pan samya anujoni | garwanira wawrat sêpuh | sarêng lair punika | ing sasi Jumadilakir | tanggal kaping wolu anuju taun Dal || |
96–97 dari 133
| 1 | Lebih satu suku kata: dèrènge wontên badan. (kembali) |