Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22–23 dari 34
98 dari 133
971–980 dari 1.325
22.29 Ki Gêdhe ing Wanapala | alon dènira nauri | kiyai manira Dêmak | dutane sri narapati | maring sira ta yayi | anggawa timbalanipun | Sinuhun ing Bintara | amariksa ing sirèki | dene sira kapiyarsa alul tapa ||
22.30 apa ingkang sira sêdya | timbalane sri bupati | jawabên dipun pratela | ya ingkang kalih prakawis | aywa nyimpang ing kardi | asikara dadinipun | maring ing badanira | aywa angrangkêpi budi | nora enak kasmarane ing agêsang ||
23. Asmaradana
23.01 lah ta sira pilih êndi | ana luwih saking ora | kang suwung luwih suwunge | lawan aturu sapisan | lan mêlèk salawasnya | miwah turu sabên dalu | lan amangan sabên dina ||
23.02 amangan sapisan iki | warêg sajêge tumitah | lawan mangan sabên sore | pangêlihe sabên dina | payo sira piliha | timbalinglane sang aprabu |[1] yèn sira milih kang ana ||
23.03 lan amangan sabên ari | alapên nagara Dêmak | mupung maksih sang akatong | Ki Agêng Pênggingira |[2] punapa ta sang nata | salah karya ing pamuwus | ing ngriki wontên pu [2: 49] |[3]|
23.04 kagyat kawula tan sipi | timbalane sri narendra | ngangge karsa walangatos | kyai panyana kawula | ratu kaliphahing Hyang | yêkti budi luwih luhur | wêkas-wêkasing utama ||
23.05 kawula datan amilih | sadayane apan arsa | yèn miliha suwung bae | pan suwung amêngku gêlar | punapa siya-siya | mring anak putu ing pungkur | yèn miliha ingkang ana ||
23.06 pintên lamine wong urip | pira rasaning wibawa | pan dèrèng wontên adate | wong kang umur sèwu warsa | liyane Nabi Adam | ingkang umur sèwu taun | liyane iku tan ana ||
23.07 kamuktèn sajroning pati | pan sirik ingaran pêjah | asalin panggonan bae | taune yutan awêndran | datan ngangge etungan | pan botên kenging dèn etung | puniku atur kawula ||
23.08 apan jênênge wong urip | kinèn manjangêna titah | siya-siya mring turune | punapa botên duraka | marma sampun kainan | dene karsaning Hyang Agung | ing wuri sintên uninga ||
98 dari 133

 


1 Lebih satu suku kata: timbalane sang aprabu. (kembali)
2 Kurang satu suku kata: Kyai Agêng Pênggingira. (kembali)
3 Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu a: ing ngriki wontên punapa. (kembali)