Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
22–23 dari 34
97–98 dari 133
964–973 dari 1.325
| 22.22 | ana kêkuwung gêng prapta | têtiga anyêrot kali | garimis samya sakala | ngandika Ki Agêng Tingkir | yayi putranirèki | ingsun paringi jêjuluk | Ki Mas Karèbèt ika | dene yayi amarêngi | ing laire ana wayang bèbèr ika || |
| 22.23 | kang rayi alon turira | anuwun langkung prayogi | angsala pandonga tuwan | mugi kalisa ing sakit | kawula inggih darmi | paduka kang darbe sunu | mugi pinanjangêna | yuswane kang jabang bayi | mugi-mugi tulusa nugrahaning Hyang || |
| 22.24 | cinarita tigang dina | Ki Agêng Tingkir nèng Pêngging | kunêng ingkang kawarnaa | dutane sri narapati | ing Dêmak sampun prapti | ponang caraka tumanduk | ing ngabyantara nata | wus katur saaturnèki | pamopone Kiyai Gêdhe Kênonga || |
| 22.25 | panêmbahaning Bintara | sigra dènnya animbali | mring Ki Gêdhe Wanapala | kang rama kiyai patih | tan dangu nulya prapti | ing ngarsane sang aprabu | apan tinuwa-tuwa | putra kang kinarya patih | angandika Sri Naranatèng Bintara || |
| 22.26 | kakang ana panggawean | patut para kang nindaki | anggawaa bantah ingwang | sira dadi wakil mami | marang Ki Jêbèng Pêngging | rong prakara bantah ingsun | hèh kakang wruhanira | ana karasa ing ati | bokmanawa ing têbe[1] dadi wisuna || |
| 22.27 | iya sapungkur manira | mulane sun ihtiyari | iya iki tulis ingwang | antêpên [2: 48: antêpê...n] Ki Jêbèng Pêngging | êndi kang dèn labuhi | salah sawiji ta iku | sakèhe karsaningwang | wus ana ing sira kaki | sigra lèngsèr Kyai Gêdhe Wanapala || |
| 22.28 | bêkta sabate sakawan | Ki Gêdhe Wanapala glis | datan kawarna ing marga | pan sampun prapta ing Pêngging | wus panggih munggèng panti | Ki Gêdhe Kênonga muwus | kiyai pakênira | inggih wong agung ing pundi | lawan sintên ingkang pinuji ing kathah || |
| 22.29 | Ki Gêdhe ing Wanapala | alon dènira nauri | kiyai manira Dêmak | dutane sri narapati | maring sira ta yayi | anggawa timbalanipun | Sinuhun ing Bintara | amariksa ing sirèki | dene sira kapiyarsa alul tapa || |
| 22.30 | apa ingkang sira sêdya | timbalane sri bupati | jawabên dipun pratela | ya ingkang kalih prakawis | aywa nyimpang ing kardi | asikara dadinipun | maring ing badanira | aywa angrangkêpi budi | nora enak kasmarane ing agêsang || |
| 23. Asmaradana | |
| 23.01 | lah ta sira pilih êndi | ana luwih saking ora | kang suwung luwih suwunge | lawan aturu sapisan | lan mêlèk salawasnya | miwah turu sabên dalu | lan amangan sabên dina || |
97–98 dari 133
| 1 | têmbe. (kembali) |