Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
23 dari 34
99–100 dari 133
988–997 dari 1.325
| 23.16 | yèn Allah sampun marêngi | pintên dangune lumampah | samangke nuwun dukane | gampil masalahe benjang | Ki Wanapala mojar | sun alimi sira iku | ing têlung taun kewala || |
| 23.17 | pan ingsun ingkang nanggoni | iya dukane sang nata | sun maklumi sira mêngko | bok durung katêmu iya | ing pikir pakênira | Ki Wanapala wus kondur | wus praptèng nagri Bintara || |
| 23.18 | lajêng tumamèng jro puri | tinimbalan mring narendra | sigra marêk ngarsèng katong | gupuh-gupuh atur salam | wus katur solahira | buka wêkasan ingutus | dhawuhkên timbalan nata || |
| 23.19 | jawabe Ki Jêbèng Pêngging | sual kêkalih prakara | dipun pilih [2: 51: pi...lih] sadayane | alêrês panyipta tuwan | ing watawis sêmbada | Ki Jêbèng Pêngging puniku | saèstu ngrangkêpa karya || |
| 23.20 | yèn pinêngkok anyidrani | dene lamun ingomberan | mèlèt tur tega patine | nanging ta atur kawula | paduka dèn sêgara | wêwatês amba pukulun | anênggih ing tigang warsa || |
| 23.21 | apan darbèking narpati | samodranira awiyar | ing makluk kalawan momot | yèn tan prapta tigang warsa | puniku langkung karsa | ya ta wau sang aprabu | nuruti Ki Gêdhe Pala || |
| 23.22 | cinarita lami-lami | tigang warsa nora prapta | andhatêngkên ing runtike | Susunan Kudus ngandikan | prapta byantara nata | angandika sang aprabu | ki jèbêng paran karsanya || |
| 23.23 | prakara Ki Jêbèng Pêngging | mardyèng ing karaton ingwang | sira lumakua dhewe | luwih ing prayoganira | pan sira wus wiweka | amrih lêganing tyas ingsun | Sunan Kudus tur sandika || |
| 23.24 | wus lumampah cara santri | papat sabat kang binêkta | kang satunggil gendhong bêndhe | Kiyai Macan punika | waris saking Bintara | kunêng ta ingkang winuwus | Kyai Gêdhe Tingkir seda || |
| 23.25 | nulya siniraman nuli | layone nganti punika | Ki Gêdhe Pêngging praptane | duk sêmana ingutusan | Ki Gêdhe Pêngging prapta | angrungkêbi layonipun | karuna kadya wanodya || |
99–100 dari 133