Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23 dari 34
100–101 dari 133
999–1.008 dari 1.325
23.27 amaca subkanalahi [2: 52: subkana...lahi] | nulya wau siniraman | sinèlèh sinarèkake | nênggih wontên Ngardi Purwa | Ki Agêng Pêngging ika | cinarita tigang dalu | sêmana nèng Ardi Purwa ||
23.28 pamit mring kang raka èstri | Nyai Gêng Tingkir ngandika | yayi ing pitung dinane | kakangira antènana | kang rayi aturira | kawula nuwun mit mantuk | manah kula mêlang-mêlang ||
23.29 Nyagêng Tingkir lingira ris | tilarane raka para | yayi pariksanên age | manawa na karsanira | yayi para gawaa | kang rayi alon umatur | kakang sampun pindho karya ||
23.30 wus mulih Ki Agêng Pêngging | wus prapta ing wismanira | wuwusên wau lampahe | Jêng Sunan Kudus wus prapta | salor kali Cêmara | nuju Hyang Arka tumurun | kèndêl satêngahing wana ||
23.31 tarataban pinggir kali | kanan keringira desa | Susunan Kudus karsane | tan arsa sipêng ing desa | pinggir kali Cêmara | marmane kèndêl pêpundhung | mrih kiwa aywana wikan ||
23.32 ing dalu arsa yêktosi | karsane bêndhe punika | lan arsa mirsa swarane | yèm[1] bêngkak bêndhe punika | tiwasing lampahira | mangkana ciptaning dalu | bêndhe tinabuh sêmana ||
23.33 tinabuh anulya muni | pan kadya macan angonbang |[2] lir sima satus swarane | kagyat sagunging wong desa | sakanan keringira | macan angombang sadalu | enjing samya pinariksa ||
23.34 tan ana macan kaèksi | amung wong pitu kang ana | wong desa samya têtakon | pundi swarane kang sima | sadalu dènnya ngombang | nauri Susunan Kudus | ing kene tan ana macan [2: 53] ||
23.35 sangsaya kathah kang prapti | ing wong kanan keringira | kabèh samya atêtakon | mokal lamun tan anaa | sadaya samya myarsa | gumujêng Susunan Kudus | yèn mêngkono desanira ||
23.36 aranana Sima iki | dene nora nana macan | têka ana suwarane | nulya ngèstokkên sadaya | desa araning Sima | wus lajêng Susunan Kudus | kang arsa anatas nyawa ||
100–101 dari 133

 


1 yèn. (kembali)
2 angombang. (kembali)