Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23 dari 34
100–101 dari 133
993–1.002 dari 1.325
23.21 apan darbèking narpati | samodranira awiyar | ing makluk kalawan momot | yèn tan prapta tigang warsa | puniku langkung karsa | ya ta wau sang aprabu | nuruti Ki Gêdhe Pala ||
23.22 cinarita lami-lami | tigang warsa nora prapta | andhatêngkên ing runtike | Susunan Kudus ngandikan | prapta byantara nata | angandika sang aprabu | ki jèbêng paran karsanya ||
23.23 prakara Ki Jêbèng Pêngging | mardyèng ing karaton ingwang | sira lumakua dhewe | luwih ing prayoganira | pan sira wus wiweka | amrih lêganing tyas ingsun | Sunan Kudus tur sandika ||
23.24 wus lumampah cara santri | papat sabat kang binêkta | kang satunggil gendhong bêndhe | Kiyai Macan punika | waris saking Bintara | kunêng ta ingkang winuwus | Kyai Gêdhe Tingkir seda ||
23.25 nulya siniraman nuli | layone nganti punika | Ki Gêdhe Pêngging praptane | duk sêmana ingutusan | Ki Gêdhe Pêngging prapta | angrungkêbi layonipun | karuna kadya wanodya ||
23.26 kakang antènana mami | alayar sagara rahmat | aywa kari raganing ngong | tan bisa ingsun nèng wuntat | pisah paduka kakang | tangi angrungkêbi suku | Ki Gêdhe maca istigpar ||
23.27 amaca subkanalahi [2: 52: subkana...lahi] | nulya wau siniraman | sinèlèh sinarèkake | nênggih wontên Ngardi Purwa | Ki Agêng Pêngging ika | cinarita tigang dalu | sêmana nèng Ardi Purwa ||
23.28 pamit mring kang raka èstri | Nyai Gêng Tingkir ngandika | yayi ing pitung dinane | kakangira antènana | kang rayi aturira | kawula nuwun mit mantuk | manah kula mêlang-mêlang ||
23.29 Nyagêng Tingkir lingira ris | tilarane raka para | yayi pariksanên age | manawa na karsanira | yayi para gawaa | kang rayi alon umatur | kakang sampun pindho karya ||
23.30 wus mulih Ki Agêng Pêngging | wus prapta ing wismanira | wuwusên wau lampahe | Jêng Sunan Kudus wus prapta | salor kali Cêmara | nuju Hyang Arka tumurun | kèndêl satêngahing wana ||
100–101 dari 133