Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
23–24 dari 34
101–102 dari 133
1.008–1.017 dari 1.325
| 23.36 | aranana Sima iki | dene nora nana macan | têka ana suwarane | nulya ngèstokkên sadaya | desa araning Sima | wus lajêng Susunan Kudus | kang arsa anatas nyawa || |
| 24. Mêgatruh | |
| 24.01 | wus mangidul lampahe Susunan Kudus | sabat pêpitu tan kari | lêpasing nginggil sadhawuh | anglangkungi lèpèn alit | sabat siji matur alon || |
| 24.02 | luwung kèndêl sakêdhap kularsa nginum | sang wiku mudha nglingnya ris | hèh ta sabarna sirèku | tan antara nulya prapti | ana kali buthak katon || |
| 24.03 | ya ta kèndêl ngandika Susunan Kudus | nyêmpal Pepe sarwi linggih | samya ngombe sabat pitu | ngandika sang mahayêkti | iku kali Pepe ayom || |
| 24.04 | nulya kèndêl wontên sangandhaping pucung | katingal dhukuhing Pêngging | bêbancaran sri kadulu | anggênggêng kêkayon asri | tuhu tilasing kadhaton || |
| 24.05 | arsa takèn mila kèndêl ngandhap pucung | linuding maruta ngidit | samyayêm dènira lungguh | sabat munggèng kanan kering | rinubung ing rare angon || |
| 24.06 | arsa takèn rare samya rubung-rubung | angadêg samya nakèni | apa sira gendhong iku | agumriwis rare alit | dadya tan antuk têtakon || |
| 24.07 | pijêr dening rare atêtakon iku | apa ika apa iki [2: 54] | badhe binadhe puniku | samya rewange pribadi | sun badhene iku gembol || |
| 24.08 | kang sawênèh sumatur[1] ambadhe dudu | ana badhe layah iki | kang sawênèh badhe kêmpul | nulyana ingkang nauri | yagene kêmpul ginendhong || |
| 24.09 | kaya kêkêp kêtara kucune mêncu | ting calêmong bocah cilik | satunggil ana sumaur | sun badhene iku tai | anyêntak sabat kang gendhong || |
101–102 dari 133
| 1 | sumaur. (kembali) |