Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23–24 dari 34
101–102 dari 133
1.005–1.014 dari 1.325
23.33 tinabuh anulya muni | pan kadya macan angonbang |[1] lir sima satus swarane | kagyat sagunging wong desa | sakanan keringira | macan angombang sadalu | enjing samya pinariksa ||
23.34 tan ana macan kaèksi | amung wong pitu kang ana | wong desa samya têtakon | pundi swarane kang sima | sadalu dènnya ngombang | nauri Susunan Kudus | ing kene tan ana macan [2: 53] ||
23.35 sangsaya kathah kang prapti | ing wong kanan keringira | kabèh samya atêtakon | mokal lamun tan anaa | sadaya samya myarsa | gumujêng Susunan Kudus | yèn mêngkono desanira ||
23.36 aranana Sima iki | dene nora nana macan | têka ana suwarane | nulya ngèstokkên sadaya | desa araning Sima | wus lajêng Susunan Kudus | kang arsa anatas nyawa ||
24. Mêgatruh
24.01 wus mangidul lampahe Susunan Kudus | sabat pêpitu tan kari | lêpasing nginggil sadhawuh | anglangkungi lèpèn alit | sabat siji matur alon ||
24.02 luwung kèndêl sakêdhap kularsa nginum | sang wiku mudha nglingnya ris | hèh ta sabarna sirèku | tan antara nulya prapti | ana kali buthak katon ||
24.03 ya ta kèndêl ngandika Susunan Kudus | nyêmpal Pepe sarwi linggih | samya ngombe sabat pitu | ngandika sang mahayêkti | iku kali Pepe ayom ||
24.04 nulya kèndêl wontên sangandhaping pucung | katingal dhukuhing Pêngging | bêbancaran sri kadulu | anggênggêng kêkayon asri | tuhu tilasing kadhaton ||
24.05 arsa takèn mila kèndêl ngandhap pucung | linuding maruta ngidit | samyayêm dènira lungguh | sabat munggèng kanan kering | rinubung ing rare angon ||
24.06 arsa takèn rare samya rubung-rubung | angadêg samya nakèni | apa sira gendhong iku | agumriwis rare alit | dadya tan antuk têtakon ||
101–102 dari 133

 


1 angombang. (kembali)