Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 34
107–108 dari 133
1.062–1.071 dari 1.325
25.17 dèn nawèkkên têtêkênirèki | ngidul ngetan kang bingung wêruha | sigra anut sasolahe | samya surak gumuruh | pitungakus[1] watawisnèki | prasami rêbut ngarsa | kidul kali rawuh | mungsuhe ika katingal | pangrasane lor kali katon sakêthi | abra lir wukir kêmbar ||
25.18 wadya Pêngging ngancik kidul kali | manahira sakala darana | wus ilang nêpsune kabèh | marmane ana dhusun | ing darana jemblungan nguni | miwah kabèh punika | pan Susunan [2: 61: Susuna...n] Kudus | ingkang pêparing wasiyat | wadya Pêngging sadaya wus samya mulih | amênêdi kunarpa ||
25.19 Sunan Kudus pan lajêng tumuli | kunêng kyai agêng cinarita | layone sampun sinare | lor wetan dalêmipun | ingkang garwa langkung prihatin | tilar putra satunggal | wayahe cumucut | sasampuning pitung dina | ingkang garwa ki agêng nusul ngêmasi | tinunggilkên kang raka ||
25.20 Mas Karèbèt pan ginanti-ganti | ingkang gadhuh sadaya santana | pinrih eca ing manahe | ya ta Susunan Kudus | kang winarna ing Dêmak prapti | katur sasolahira | pratingkah ingutus | suka Sang Natèng Bintara | tata tita sawuse alami-lami | Susunan ing Bintara ||
25.21 apêputra nênêm kathahnèki | èstri satunggal kang jalu gangsal | Pangeran ing Sabrang Êlèr | punika ingkang sêpuh | krama antuk ing Pranaragi | Bathara Katong ika | ingkang ngambil mantu | panênggak Dèn Mas Trênggana | ingkang rayi Pangeran Seda ing Kali | lan Pangran Kandhuruwan ||
25.22 Radèn Pamêkas kang rayi èstri | wus akrama lan Carêbon ika | panêmbahan bisikane | Sinuhun Bintarèku | cinarita pan sampun lalis | ingkang gumantya nata | putra ingkang sêpuh | Pangeran Sabrang Lèr ika | tan alami gumantya nulya ngêmasi | sinare tunggil rama ||
25.23 Radèn Trênggana jumênêng aji | ingestrenan pra wali sadaya | Sultan Dêmak bisikane | pangulu Sunan Kudus | pêpatihe pan milwa salin | Patih Mangkurat pêjah | anake jêjuluk | Kyana Patih Wanasalam | kunêng Dêmak ing [2: 62] Pêngging winuwus malih | Mas Karèbèt punika ||
25.24 wanci umur ing sadasa warsi | langkung pêkik ing suwarnanira | wingit asêdhêng dêdêge | bagus sarira lurus | jaja wijang turut aramping | cahya lir ăndakara | mangsane katêlu | emane wagu ing solah | Mas Karèbèt karêm marang wong angringgit | asring ngèngèr dhêdhalang ||
25.25 sêntanane pan angrêksa sami | Mas Karèbèt pinrih ecanira | kinèndêlkên sapolahe | wayah wus bisa macul | kang winuwus Nyai Gêng Tingkir | marang Pêngging sêmana | sêdyane puniku | mring putrane arinira | dènira wus rama ibu angêmasi | Nyai ing Pêngging prapta ||
25.26 Mas Karèbèt anulya pinanggih | tinangisan marang ingkang uwa | sanak-sanak sadayane | samya anglut amuwun | kathah-kathah karasèng galih | Nyai Gêng Tingkir mojar | adhuh sanak ingsun | sun jaluk sukane padha | anakira iya sun gawa mring Tingkir | sadaya tur sumăngga ||
107–108 dari 133

 


1 pitungatus. (kembali)