Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 34
106–107 dari 133
1.056–1.065 dari 1.325
| 25.11 | Kyai Macan tinabuh ngêbêki | swaranira lir sima angombang | wong Pêngging awas tingale | wadyane Sunan Kudus | pan atembak ana sakêthi | anggabag warna-warna | lir jaladri têdhuh | ngalèr ngilèn lampahira | kulawăngsa nênggêl pan maksih nututi | dèrèng wontên mirisa || |
| 25.12 | hèh wong cidra rampasên sun iki | aywa tanggung tumpêsên sadaya | ilokna gustèngsun age | ilokna sanak ingsun | belakêna wong tuwa mami | tinon samya kotbuta | Jêng Susunan Kudus | nolèh ngidul angandika | hèh wong Pêngging ingsun iki tan ngèmbèti | marang kang kaya sira || |
| 25.13 | kulawăngsa prasamya sru angling | hèh wong cidra sakêthi wuwuha | payo tamèng jaja kene | angadu tosing balung | angrok bănda awalapati | atêmpuh pupu jaja | akantaran [2: 60: a...kantaran] bau | payo atakêr ludira | ngadu kêncênging otot wulêding kulit | dèn pasthi aywa cidra || |
| 25.14 | Sunan Kudus mèsêm nolih-nolih | sarwi ngawe asru wuwusira | hèh padha muliha kabèh | aywa na salah dudu | pan wong cilik datan udani | dosane gustinira | aprana ing ratu | kang têkên kinipat ngetan | pangrasane mungsuhe wong Pêngging iki | mangetan lampahira || |
| 25.15 | ambêbujung prasami nututi | gêgaman lêksan prasamya ngetan | tan kêna tinangguh lêre | kasaput dening dalu | maring mungsuh anganan ngering | pijêr ajêjelungan | tan ngalor tan ngidul | ngetan ora ngulon ora | Sunan Kudus ing kali Pepe wus prapti | lor kali tata lênggah || |
| 25.16 | anyirati têgal kidul kali | angandika marang sabatira | wong ing Pêngging mêsakake | têpa-têpa wak ingsun | duwe sanak lan duwe gusti | dimène samya prapta | ing sadayanipun | lamun karingête mêdal | lan maninge yèn angancik kidul kali | pasthi nêpsune ilang || |
| 25.17 | dèn nawèkkên têtêkênirèki | ngidul ngetan kang bingung wêruha | sigra anut sasolahe | samya surak gumuruh | pitungakus[1] watawisnèki | prasami rêbut ngarsa | kidul kali rawuh | mungsuhe ika katingal | pangrasane lor kali katon sakêthi | abra lir wukir kêmbar || |
| 25.18 | wadya Pêngging ngancik kidul kali | manahira sakala darana | wus ilang nêpsune kabèh | marmane ana dhusun | ing darana jemblungan nguni | miwah kabèh punika | pan Susunan [2: 61: Susuna...n] Kudus | ingkang pêparing wasiyat | wadya Pêngging sadaya wus samya mulih | amênêdi kunarpa || |
| 25.19 | Sunan Kudus pan lajêng tumuli | kunêng kyai agêng cinarita | layone sampun sinare | lor wetan dalêmipun | ingkang garwa langkung prihatin | tilar putra satunggal | wayahe cumucut | sasampuning pitung dina | ingkang garwa ki agêng nusul ngêmasi | tinunggilkên kang raka || |
| 25.20 | Mas Karèbèt pan ginanti-ganti | ingkang gadhuh sadaya santana | pinrih eca ing manahe | ya ta Susunan Kudus | kang winarna ing Dêmak prapti | katur sasolahira | pratingkah ingutus | suka Sang Natèng Bintara | tata tita sawuse alami-lami | Susunan ing Bintara || |
106–107 dari 133
| 1 | pitungatus. (kembali) |