Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 34
107–108 dari 133
1.070–1.079 dari 1.325
25.25 sêntanane pan angrêksa sami | Mas Karèbèt pinrih ecanira | kinèndêlkên sapolahe | wayah wus bisa macul | kang winuwus Nyai Gêng Tingkir | marang Pêngging sêmana | sêdyane puniku | mring putrane arinira | dènira wus rama ibu angêmasi | Nyai ing Pêngging prapta ||
25.26 Mas Karèbèt anulya pinanggih | tinangisan marang ingkang uwa | sanak-sanak sadayane | samya anglut amuwun | kathah-kathah karasèng galih | Nyai Gêng Tingkir mojar | adhuh sanak ingsun | sun jaluk sukane padha | anakira iya sun gawa mring Tingkir | sadaya tur sumăngga ||
25.27 wus binêkta Ki Jaka mring Tingkir | praptèng Tingkir pan dinama-dama | dèn ugung paripolahe | Nyai Gêng Tingkir iku | pan keringan ing kanan kering | tilase ingkang raka | pan sinuhun-suhun | pinundhi-pundhi macapat | Mas Karèbèt angalih Ki Jaka Tingkir | wontên ing Ardi Purwa ||
25.28 nanging akarêm saba ing sêpi | jurang-jurang pèrèng pagunungan | yèn dalu nginêp pêpèrèng | arêmên turu gubug | têgal-têgal ingkang asêpi | pan amrih kadigdayan | wêkasing tumuwuh | kagunan myang kaprawiran | amrih dibya ing wijaya-wijayanti | anèh [2: 63] lan rare kathah ||
25.29 ingkang ibu langkung ing prihatin | lama-lama putrane diwasa | agung sabawana bae | asipêng siyang dalu | malah kongsi ing pitung ratri | kang ibu langkung susah | sêmana duk rawuh | ingkang putra tinangisan | sira kulup apa ta sêdyanirèki | anggung sipêng ing wana ||
25.30 aywa sipêng anèng wana malih | iku dadya mêlanging tyas ingwang | tan ana sun dulu anggèr | balik ta sira kulup | apa ingkang sira karsani | gusti amêmundhuta | ing sapantêsipun | wong dama mêskin sarwa na | tilarane iku wakira duk swargi | aywanggung turu wana ||
25.31 lamun sira rêmên dhedhe gusti | nora rêmên sira saba wisma | sinau nambut karyane | iya milua macul | marang baturira ta gusti | wong roro tunggu gaga | iya anênungkul | lan ana sun arsa-arsa | ingkang putra sigra dènnya mundhut wangkil | anusul mring pagagan ||
25.32 pagagane sawetaning kali | nusul marang rencange bunira | kêkalih juru sawahe | sadina nora mantuk | santri kalih mantuk abukti | wanci sawuse ngasar | ririse atêdhuh | Jêng Sinuhun Kalijaga | saking kidul lêlampah ambêkta êcis | saking ing Pamancingan ||
25.33 nguwuh-uwuh saking jaban gagi | lah ta kulup sira marènana | Ki Jaka anolèh age | pan sira bakal ratu | kang amêngku ing tanah Jawi | ngur sira suwitaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadya jalaran | sigra wau alajêng Sinuhun Kali | angalèr sampun lêpas ||
25.34 pan Ki Jaka wau [2: 64] aningali | dupi sampun lêt kali gya musna | Ki Jaka anulya mulèh | matur mring ibunipun | ibu wontên wong langkung gagi | sarwi nguwuh mring kula | hèh muliha kulup | aywa karêm nèng pagagan | suwitaa marang ing Dêmak nagari | pan sira bakal nata ||
107–108 dari 133