Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25–26 dari 34
108–109 dari 133
1.075–1.084 dari 1.325
25.30 aywa sipêng anèng wana malih | iku dadya mêlanging tyas ingwang | tan ana sun dulu anggèr | balik ta sira kulup | apa ingkang sira karsani | gusti amêmundhuta | ing sapantêsipun | wong dama mêskin sarwa na | tilarane iku wakira duk swargi | aywanggung turu wana ||
25.31 lamun sira rêmên dhedhe gusti | nora rêmên sira saba wisma | sinau nambut karyane | iya milua macul | marang baturira ta gusti | wong roro tunggu gaga | iya anênungkul | lan ana sun arsa-arsa | ingkang putra sigra dènnya mundhut wangkil | anusul mring pagagan ||
25.32 pagagane sawetaning kali | nusul marang rencange bunira | kêkalih juru sawahe | sadina nora mantuk | santri kalih mantuk abukti | wanci sawuse ngasar | ririse atêdhuh | Jêng Sinuhun Kalijaga | saking kidul lêlampah ambêkta êcis | saking ing Pamancingan ||
25.33 nguwuh-uwuh saking jaban gagi | lah ta kulup sira marènana | Ki Jaka anolèh age | pan sira bakal ratu | kang amêngku ing tanah Jawi | ngur sira suwitaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadya jalaran | sigra wau alajêng Sinuhun Kali | angalèr sampun lêpas ||
25.34 pan Ki Jaka wau [2: 64] aningali | dupi sampun lêt kali gya musna | Ki Jaka anulya mulèh | matur mring ibunipun | ibu wontên wong langkung gagi | sarwi nguwuh mring kula | hèh muliha kulup | aywa karêm nèng pagagan | suwitaa marang ing Dêmak nagari | pan sira bakal nata ||
25.35 ingkang ibu alon têtanya ris | iya kulup dêdêgi[1] kayapa | ingkang nguwuh-uwuh kuwe | kang putra lon umatur | ragi inggil dêdêgerèki | wulung rasukanira | kulukipun wulung | kang ibu alon ngandika | yèn mêngkono iku Jêng Susunan Kali | nyawa sira turuta ||
25.36 olih sabdaning pandhita yêkti | sira kulup kinèn suwitaa | iya marang Dêmak age | ana pamanirèku | asuwita Prabu Ngawanti | lêlurah suranata | arane Ki Ganjur | yaiku sundhulan ingwang | jêjuluke kang putra pan dèn tuturi | sawêngi kongsi têlas ||
25.37 duk lagyarsa umangkat sang pêkik | pan kapalang ingkang ibu gêrah | dadya kèndêl ing karsane | nulya nyai gêng lampus | Kyai Jaka langkung prihatin | sedane ibunira | siniraman gupuh | sinare tunggil kang raka | ya ta wau Ki Jaka Tingkir gung kingkin | tansah angron ing kamal ||
26. Sinom
26.01 dene tan tutug sêdyanya | kasêlak kang ibu lalis | gènnya ingêmong ibunya | tinilar ing yayah bibi | Ki Jaka langkung kingkin | sasedanira kang ibu | dene dèrèng akrama | mila sangêt agring kingkin | dadya sira Ki Jaka amatiraga [2: 65] ||
26.02 tansah dènnya sabèng wana | manjing ing guwa kang sêpi | mangkana osiking driya | Ki Jaka ngartikèng galih | yèn mêngkene wak mami | tanpa wêkasing tumuwuh | yèn tan ana sinêdya | lêhêng kesah awak mami | ing saparan anut panujuning karsa ||
108–109 dari 133

 


1 dêdêge. (kembali)