Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
25 dari 34
105–106 dari 133
1.048–1.057 dari 1.325
| 25.03 | Sunan Kudus angandika malih | apa bisa mati jroning gêsang | urip sajroning patine | pan ingsun arsa wêruh | Kyai Agêng alon nauri | Insa Allah yèn aja | ana sira iku | nora [2: 58] nêdya pangimanan | sira iku andalih wong apa mami | pan ingsun tan suminggah || |
| 25.04 | lamun sira andaliha santri | iya santri yêktine wak ingwang | têrkanên rêraton mangke | nyata wijiling ratu | yèn nêrkaa Allah sirèki | lah iya nyata Allah | sakarsanirèku | kawula nyata kawula | Sunan Kudus angandika sun yêktèni | arsa wruh patinira || |
| 25.05 | anauri Kyai Agêng Pêngging | yèn mêngkono karsaning narendra | sira akarsa lêpate | ya ngêndi ana iku | umat bisa mati pribadi | nanging panjaluk ingwang | ing sapungkur ingsun | aywa ngèmbèti ing kathah | ngamungêna ingsun dhewe kang nglakoni | Sunan Kudus lingira || |
| 25.06 | aywa sira nganggo walangati | dyan Ki Agêng alon wuwusira | payo sêkingira kuwe | bêlèkna sikut ingsun | gya binêlèk Ki Agêng Pêngging | amêpêt napasira | apan ta wus lampus | Sunan Kudus nulya gêtak | uluk salam Ki Agêng maksih nauri | ya ngaekum salam |[1]| |
| 25.07 | Sunan Kudus sigra mijil jawi | wus pêpanggih lan sabat sadaya | wuwusên wau garwane | nyi agêng tan angrungu | manjing dalêm wus asêsaji | tan ana tamunira | tilase wus dangu | sigra dènnya miyak gubah | tiningalan kang raka sampun ngêmasi | anjrit asru karuna || |
| 25.08 | cèthinira sadaya anangis | pan kapyarsa saking kering kanan | nak putu lanang wadone | apan samya lumayu | sampun gumyak lamun ngêmasi | Ki Agêng kênèng cidra | ing jawi gumuruh | kulawăngsa [2: 59] sami prapta | sawontêne gêgaman samya nututi | samya nangis sadaya || |
| 25.09 | sabat jêro bapakane Kadim | nulya aglis manjing dalêm pura | Sèh Kadim gya mundhut bêndhe | Kiyai Udanarum | bêndhe iku kalane dhingin | Prabu Andayaningrat | ing nalika iku | anglurug nagari liyan | lamun bêndhe tinabuh anulya grimis | pasthi lanang kang yuda || |
| 25.10 | Kyai Udanarum wus tinitir | abusêkan ing Pêngging wurahan | alok awor lan tangise | wêtara kalih atus | ingkang sampun nututi dhingin | kang kari gurawalan | liwêran asêlur | Susunan Kudus miyarsa | kèndêl anèng sangandhaping pucung nguni | ngaruh-aruh kênyanan || |
| 25.11 | Kyai Macan tinabuh ngêbêki | swaranira lir sima angombang | wong Pêngging awas tingale | wadyane Sunan Kudus | pan atembak ana sakêthi | anggabag warna-warna | lir jaladri têdhuh | ngalèr ngilèn lampahira | kulawăngsa nênggêl pan maksih nututi | dèrèng wontên mirisa || |
| 25.12 | hèh wong cidra rampasên sun iki | aywa tanggung tumpêsên sadaya | ilokna gustèngsun age | ilokna sanak ingsun | belakêna wong tuwa mami | tinon samya kotbuta | Jêng Susunan Kudus | nolèh ngidul angandika | hèh wong Pêngging ingsun iki tan ngèmbèti | marang kang kaya sira || |
105–106 dari 133
| 1 | Kurang satu suku kata: ya ngalaekum salam. (kembali) |