Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26–27 dari 34
109–110 dari 133
1.084–1.093 dari 1.325
| 26.02 | tansah dènnya sabèng wana | manjing ing guwa kang sêpi | mangkana osiking driya | Ki Jaka ngartikèng galih | yèn mêngkene wak mami | tanpa wêkasing tumuwuh | yèn tan ana sinêdya | lêhêng kesah awak mami | ing saparan anut panujuning karsa || |
| 26.03 | sigra lajê[1] kesahira | sumêdya minggah ing wukir | angulati jalma tapa | apan arsa taki-taki | amrih ing ngèlmu jati | sêmana pan lajêng antuk | jatining puruhita | tuwin kasêktèning jurit | pan wus kathah antuke sangking pratapan || |
| 26.04 | ri sampuning dhatêng arga | wau Ki Jaka ing Tingkir | nulya mudhun saking arga | ngalèr ngetan lampahnèki | lêpas dènnya lumaris | ardi Prawata jinujug | wus manggih padhukuhan | akèndêl sipêng ing wêngi | rêm-rêm ayam ana swara kapiyarsa || |
| 26.05 | lah sira anglampahana | dhalang ringgit bèbèr kaki | iku ta margane sira | wêtune sandhang lan bukti | lan sira wruh ing krami | lah iku pituduh ingsun | kagyat dènnya anendra | Ki Jaka anulya tangi | tan antara kesahe saking pratapan || |
| 26.06 | lajêng angalèr lampahnya | ing Kudus sinêdyèng kapti | sapraptaning Kudus ika | nulya angupaya ringgit | bèbèr pan sampun olih | Ki Jaka nulya lêstantun | anglampahi dhêdhalang | Ki Karèbèt wastanèki | wus mangkana kesah sangking Kudus sigra || |
| 26.07 | angidul ing lampahira | datan kawarna ing margi | wus prapta kiduling arga | ing Tarub jinujug nguni | apan sampun alami | dumunung anèng ing Tarub | Ki Jaka wus kaloka | Ki Karèbèt namanèki [2: 66] | kathah rêmên dènnya ngringgit bèbèr ika || |
| 26.08 | malah dadya pakaulan | Ki Dhalang Karèbèt nênggih | pilih wong yèn tan rêmêna | Ki Karèbèt dènnya ngringgit | dhasar anom apêkik | awasis pangringgitipun | akathah wong kasmaran | jalu èstri samya asih | pangringgite ki dhalang langkung apelag || |
| 26.09 | sadaya samya sih marma | sakathahe kang ningali | marang Ki Karèbèt ika | sêmune kawêlasasih | sadaya sami asih | marang ki dhalang kalangkung | kawarnaa ing Sela | lamine tan kadi mangkin | wontên dhalang praptane karya asmara || |
| 27. Asmaradana | |
| 27.01 | mangkana ingkang winarni | Kyai Agêng ing Sêsela | anênggih ta salamine | prajane kanggonan dhalang | datan kadi punika | sakalangkung asihipun | mring ki dhalang bèbèr ika || |
| 27.02 | marmane kalangkung asih | Kyai Agêng ing Sêsela | dhumatêng ki dhalang bèbèr | Ki Karèbèt ingkang wasta | dening langkung noraga | sasolahe amlasayun | apêkik maksih taruna || |
109–110 dari 133
| 1 | lajêng. (kembali) |