Tembang macapat
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26–27 dari 34
109–110 dari 133
1.087–1.096 dari 1.325
| 26.05 | lah sira anglampahana | dhalang ringgit bèbèr kaki | iku ta margane sira | wêtune sandhang lan bukti | lan sira wruh ing krami | lah iku pituduh ingsun | kagyat dènnya anendra | Ki Jaka anulya tangi | tan antara kesahe saking pratapan || |
| 26.06 | lajêng angalèr lampahnya | ing Kudus sinêdyèng kapti | sapraptaning Kudus ika | nulya angupaya ringgit | bèbèr pan sampun olih | Ki Jaka nulya lêstantun | anglampahi dhêdhalang | Ki Karèbèt wastanèki | wus mangkana kesah sangking Kudus sigra || |
| 26.07 | angidul ing lampahira | datan kawarna ing margi | wus prapta kiduling arga | ing Tarub jinujug nguni | apan sampun alami | dumunung anèng ing Tarub | Ki Jaka wus kaloka | Ki Karèbèt namanèki [2: 66] | kathah rêmên dènnya ngringgit bèbèr ika || |
| 26.08 | malah dadya pakaulan | Ki Dhalang Karèbèt nênggih | pilih wong yèn tan rêmêna | Ki Karèbèt dènnya ngringgit | dhasar anom apêkik | awasis pangringgitipun | akathah wong kasmaran | jalu èstri samya asih | pangringgite ki dhalang langkung apelag || |
| 26.09 | sadaya samya sih marma | sakathahe kang ningali | marang Ki Karèbèt ika | sêmune kawêlasasih | sadaya sami asih | marang ki dhalang kalangkung | kawarnaa ing Sela | lamine tan kadi mangkin | wontên dhalang praptane karya asmara || |
| 27. Asmaradana | |
| 27.01 | mangkana ingkang winarni | Kyai Agêng ing Sêsela | anênggih ta salamine | prajane kanggonan dhalang | datan kadi punika | sakalangkung asihipun | mring ki dhalang bèbèr ika || |
| 27.02 | marmane kalangkung asih | Kyai Agêng ing Sêsela | dhumatêng ki dhalang bèbèr | Ki Karèbèt ingkang wasta | dening langkung noraga | sasolahe amlasayun | apêkik maksih taruna || |
| 27.03 | mangkana sampun alami | Ki Karèbèt nèng Sêsela | sangêt ngasorkên badane | marmane ingakên wayah | marang Ki Agêng Sela | dene jatmika aruruh | kadya tilasing ngawirya || |
| 27.04 | lawan pangringgitirèki | punika kang rinêmênan | marang Ki Agêng Selane | ki dhalang bèbèr nèng Sela | tansah sinuba-suba | ing siyang kalawan dalu | mênuhi bojakramanya || |
| 27.05 | miwah sagunging wong cilik | ing Sela asih sadaya | marang Ki Dhalang Karèbèt | nanging ki dhalang sêmana | tansah [2: 67] dènnya riyalat | tanpa nendra lamun dalu | yèn siyang datanpa dhahar || |
109–110 dari 133