Tembang macapat

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajajaran dumugi Dêmak, Anonim, 1865, #1747

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27–28 dari 34
111–112 dari 133
1.105–1.114 dari 1.325
27.14 sawuse samya abukti | Ki Karèbèt tan antara | saksana aluntak age | ngarsane Ki Agêng Sela | sigra utah-utahan | lajêng kinokop tan gigu | wau Ki Gêdhe ing Sela ||
27.15 mapan awis kang nglampahi | kadya Ki Agêng ing Sela | atêgêg ngokopi age | baya Ki Agêng ing Sela | wus takdiring Hyang Suksma | ing satêdhak-têdhakipun | anurunakên nugraha ||
27.16 wusing mangkana winarni | Kyai Agêng apitêdah | dhumatêng Kyai Karèbèt | mangkana pitêdahira | kaki Karèbèt sira | yèn sira arsa katêmu | iya ing supênanira ||
27.17 lah sira maria ngringgit | iya ngawulaa sira | mring Sultan Dêmak dèn age | iku gonmu nyatakêna | lah putu impènira | yaiku pituduh ingsun | têka sira lakonana ||
27.18 kalangkung padhang ing galih | kaki Rèbèt duk miyarsa | dadya emut jroning tyase | ing nguni duk nèng pagagan | winangsit ing wong liwat | panganggone sarwa wulung | kinèn ngawula mring Dêmak ||
27.19 ing nguni wus matur maring | kang ibu kalangkung suka | kinèn anjujug arine | dadya lurah suranata | ngawula Sultan Dêmak | anama Kiyai Ganjur | kapalang kang ibu gêrah ||
27.20 nulya kang ibu ngêmasi | Ki Jaka langkung sungkawa | datan emut ing wangsite | dadya ambanting sarira | ing mangke kang pitêdah | Ki Agêng Sêsela iku | kinèn ngawula mring Dêmak [2: 69] ||
27.21 mila padhange tyas mami | dadya emut ing wentehan | mring pituduhing gurune | ya ta enjang kawarnaa | Ki Karèbèt sêmana | wus pamit nuwun pangèstu | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||
27.22 wus lèngsèr ngarsa wotsari | nulya lajêng lampahira | ingkang jinujug sêdyane | marang ing Tingkir wismanya | kinèn ngatêrkên benjang | mring wismane ingkang ibu | swargi kang wus guladrawa ||
28. Dhandhanggula
28.01 ya ta wau kang winarnèng margi | lampahira Dyan Jaka wus prapta | anèng ing Tingkir wismane | wus panggih wangsanipun | Radèn Jaka dipun tangisi | mring sagung wangsanira | tan nyana yèn mantuk | cinipta praptèng antaka | dene lami ing mangke prapta pribadi | mila aragan-ragan ||
111–112 dari 133